Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/250

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KONGKANG MANGUNGKUNG

SAJERONING LENG

Sunarkoba

Ing jaman reformasi iki kabeh pawongan bebas ngetokake unegunege ati. Saben uwong wani ngomong, saben uwong wani nylonong. Anggere bisa nggemprong-nggemprong atine rumangsa bombong. Ora mawas apa sing dituturake, butuhe mung nuruti hawa nepsune.

Wiwit wong pangkat nganti wong kesrakat, konglomerat apadene wong mlarat, akeh kang nalingsir saka paugerane Gusti Sing Gawe Jagad. Butuhe akherat ora dirumat, sing siperdi bangsa maksiyat, drajat, lan pangkat.

“Taun ngarep aku kudu nyekel panguwasa ing tingkat kecamatan. Mbuh nyekel Koperasi apa pengurus PGRI. Golongan tuwa ben ditutugake dhisik olehe nyekel panguwasa. Sedhela maneh rak wis out dari udara,” kandhane Pak Jupri karo sajak kemlinthi.

Pak Jupri sing dadi kepala sekolah anyaran, yen ngendikan pancen rada mlekitik. Jumbuh karo pawakane kang cilik, rambute brintik, senenge sok gawe serik. Nek utege pancene pinter, tandang gawene ya prigel, nanging tingkah polahe sing marakake mangkel.

“Taun ngarep apa wis wayahe pilihan ta, Pak?” pitakone Pak Marsaid karo nyedhaki Pak Jupri.

“Lha iya no. Masa jabatane rak wis telung taun, wis wayahe ganti. Karo meneh wong-wong kuwi rak wis padha pensiun,” wangsulane Pak Jupir karo nguwasi pengurus PGRI sing kebeneran liwat.

“Coba sawangen lan pikiren! Para penggedhe kae awake rak saya klimis tur begrak-begrak. Uripe bisa mblegedhu, awake nganti thiplu-thiplu. Kepriye kok arepe ora mbruwah iku, karang gaweyane ya mbelehi uwong.”

“Mbelehi uwong kepriye ta Pak, aku kok durung mudheng?” pitakone Pak Gik karo ndomblong nguwasi Pak Jupri.

“Lha, njenengan ki dibelehi saben sasi pa ra krasa ta, Pak?” wangsulane Pak Jupri tansaya semangat.

Krungu prekara beleh-belehan wong-wong padha nggrombol ngrubung Pak Jupri sing saya seru olehe kojah.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

237