Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sakanane!” panyentake Mamak nyedhaki simbah karo arep narik slendhange.

Simbah putrid takrangkul lan tak geret metu nyang latar. Karo nangis ngglolo simbah njaluk supaya aku ngeterna neng omahe Paklik Jaeni ing kutha.

“Nang, ayo mulih wae Nang, Simbah terna! Aku ora kuwat nek dioso-oso karo Mamakmu!”

Krungu ngendikane Simbah putri kaya ngono mau, Mamak sangsaya mubal nesune. Aku nyamber klambi potang aring lan caping nuntun Simbah menyang ndalan, mulih mlaku menyang kutha.

Capet-capek aku isih krungu pambengoke Mamak, “Sisan nggawe Nang, kowe aja mulih mrene maneh!” Aku karo mlaku ngudarasa, “O, alah kok kaningaya temen lelakon iki....”

Rikala semana aku wis tamat saka Dai Ichi Gakko wulan Juli 1942, lan wis bisa ketampa neng Chu Gakko (SMP-ne Jepang). Nanging amarga kahanan sing amburadhul, aku kepeksa njaluk metu saka Chu Gakko.

Jan-jane ya eman banget, sebab saringan mlebu neng Chu Gakko kuwi angel banget. Murid sing pethingan thok sing bisa lolos saka saringan. Sebab saka murid 125 (telung kelas) saka Di Ichi Gakko “Sampoerna I” (Sekolah Rakyat gabungan saka sekolah-sekolah sing nganggo pengantar basa Landa), mung bocah 30 sing ditampa. Pancen eman-eman banget.

Sakwise metu sekolah, ya, nganggur. Paling melu bantu-bantu Bapak neng tegalan apa sawah.

Kahanan jaman Jepang wektu iku banget sengsarane. Klambi sasetel gantung kepuh. Yen dhong dikumbah, kepara kungkum utawa njerum kaya kebo neng kali karo ngenteni klambi garing.

Mangan mung sakanane. Kuwi wae arang-arang nemu sega. Paling sega jagung, thiwul, utawa mung trima mangan ongol-ongol. Dipangan lawuh kuluban utawa jangan lompong. Mangan dadi mung asal wetenge kisenan, embuh apa isine. Pokoke ora mati kaliren.

Mula aku ya ora maido yen Mamak cepak banget dukane, yen simbah putrid njaluk sing ora-ora.

Kosok baline, simbah putri sing wis biasa urip kepenak nalika jaman Landa—maklum simbah kakung pensiunan sersan KNIL lan entuk pensiun f.87,50/sewulan—ketoke angel banget anggone “menyesuaikan dhiri” karo kahanan sing sarwa kesrakat iki. Mangan enak wus rumasuk ing balung sungsum.

Simbah taktuntun alon-alon, karo isih ngelapi iluhe nganggo slendhang. Melas banget simbah iki. Dikira srengenge panggah tetap mencorong nganti surup, ora ngerti Jepang nyerbu Pulau Jawa. Gantungan panguripan siji-sijine, dicumpet karo bala tentara Dai Nippon. Pensiune simbah distop…, top!

12

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010