Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/246

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dheweke banjur njujug warung langganane.

“Kok bengi lho, Non?” pitakone Mak Imah sing duwe warung iu.’

“Iya Mak, salone rame kok. Nganti ora kober leren sedina mau. Mas Puja durung rene?”

“Mau ya rene. Dienteni kowe ra teka-teka. Dheweke pesen, kowe kon ngenteni ana kene. Jare ana perlu. Mangan pa piye?”

“Iya, Mak.”

Bakul sega iku ngracikake sega. Dheweke apal banget sega sing disenengi langganane. Sega pecel, sambele rada akeh, nganggo endhog ceplok lan tempe goreng.

Karo mangan sega pecel dheweke nonton kahanan sakupenge kono. Tambah bengi papan kono pancen tambah rame. Kanca-kancane padha dandan menor banjur pasang aksi. Ing pojok sisih kidul sangisore wit keres katon remeng-remeng Windy lagi pepasihan karo pacare. Ing sangisore wiwit sana sisih kulon Sari ngadeg ijen, lagi ngeber (golek mangsa). Sari pancen ora tau gelem nduwe pacar, nduwe bojo-bojoan. Marga akeh-akehe pacar mung gawe bangkrut bae. Samubarang panjaluke kudu tansah dituruti. Mula Sari luwih seneng ijen. Isih akeh kancane liya sing ngeber (golek mangsa) kaya Sari ing panggonan kang dirasa cocog. Sawetara kancakancane liyane padha pating grombol ngrumpi.

Dheweke ambegan landhung. Ya ing papan kaya ngono kuwi papan hiburane wong kaya dheweke. Manggon ing stren kali, papan kang kiwa. Padha-padha umate Gusti Allah, sakancane rumangsa kasisih. Sarwa repot. Akeh wong-wong kang nganggep ina marang golongane. Wong-wong lanang padha ngedohi. Yen ana wong-wong kang padha teka ana ing salon, ora liya mung ketarik marang prigele anggone ngrias lan nyulap wong-wong kang teka dadi nggantheng-nggantheng lan ayu-ayu. Iku bae. Ing kendharaan umum bae, ing bus utawa sepur meh ora ana wong sing gelem lungguh sebangku karo wong kaya golongane. Kabeh-kabeh padha ngedohi.

Nalika dheweke lagi enak-enak mangan karo ngalamun kuwi, Weni teka lungguh njejeri, “Yak apa se Non, Koen mau dienteni gak teka-teka,” kandhane Weni.

“Endi wonge, Wen?” pitakone.

“Ya polonia (mulih). Koen se dienteni gak teka-teka,” kandhane Weni sing asli Surabaya.

“Gak kesindhang maneh?”

“Kandhane se, kesindhang. Entenana bae,” kandhane Weni.

Noni nyawang Weni sing mapan lungguh karo pesen kopi. Ing antarane driji-drijine sumlempit rokok sing keluke kumebul sawise disedhot. Ora teka karo dheweke, rokokane Weni uga nglepus. Pancen ya mung rokok kuwi minangka kanca sing paling setya ing wektu susah lan

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

233