Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/244

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Hallo ..., hai, awakmu, Fung .... Adhuh ..., ngapa ra ngetok ..., mripatku meh coplok nggoleki awakmu ..., apa? Kejem? Sing kejem awakku apa kowe? Ya wis, padha kejeme .... Sorry ya, sorry .... Apa? Barang apa? Awakmu apa ngerti barang sing takgawa? Lha, ora ngerti kok kon mbalekake? Lho, kok meksa ta? Iya wis, bakal takbalekake, waton ana syarate .... Pengin ngerti? Syarate mayar. Waton awakmu gelem dadi ....

Sawise nampa telpun saka Fung Fung sing pancen diarep-arep, Gusti kelingan album kenangane. Album dijupuk, banjur dibukaki. Mandheg tekan lembaran sing ana fotone Fung Fung. Ing ngisor foto mau ana kanthong kertas cilik warna coklat. Kanthong mau ditulisi ‘Jem’ lan ana cathetan tanggal nalika Gusti nunut adus ing pondhoke Fung Fung ing Candi Dasa dhek semana!

Drijine Gusti banjur ndudut isine kanthong kuwi. Rambut brintik sealer. Watara mung rong sentimeter. Rambut kuwi nalika semana tumemplek ana ing sabun sing mentas dinggo sabunan Fung Fung. Saiki ing tangane Gusti. Dililing. Sanajan sing disawang rambut brintik sealer, nanging sing katon malah praupane oval kang rinengga mripat sipit lan rambut poni ing bathuke.

Jaya Baya, No. 47, Minggu VI, Juli 2004

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

231