Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/243

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Fung Fung ya melu mrene lo,” kandhane Wangi ngagetake Gusti

“Endi?”

“Coba digoleki dhewe! Mosok pangling karo primadona SMA. Ora adoh saka kene kok.”

Gusti clingukan, noleh ngiwa lan nengen. Larikan mbaka larikan dijingglengi. Ora ketemu!

“Endi?” pitakone Gusti maneh.

“Mosok gak eruh?”

Gusti clingukan maneh. Noleh ngiwa lan nengen. Larikan mbaka larikan dijingglengi. Ora ketemu! Sawetara iku ing panggung sisih kana, kelompok paduan swara gilir gumanti ngetog kabisane, kabisan ing babagan olah vokal.

“Endi, Wang?” pitakone Gusti karo ndudul lengene Wangi.

“Iki!” kandhane Wangi karo ngulungake kertas sasuwek marang Gusti.

“Apa iki?”

“Diwaca wae!”

Weruh tulisan ing kerts iku atine Gusti kumesar. Dheweke apal karo tulisan mau. Gusti ora lali, tulisan kuwi tulisane Fung Fung. Ana ngendi menungsane?

Sepisan maneh ukara sing ditulis Fung Fung iku diwaca Gus, barangku sing kok gawa saka Candi Dasa balekna!

Gusti dheleg-dheleg. Wah, iki genah pasekuthone menus loro kuwi, batine Gusti. Ngapa Fung Fung ora katon?

“Fung Fung ngerti apa sing takgawa?” pitakone Gusti marang Wangi.

“Jane barang apa ta, kuwi? Wangi genti takon.

“Barang sing takgawa saka Candi Dasa kae lo, Wang.”

“Lha iya, barang apa?”

Gusti bingung.

“Apa Fung Fung durung ngerti?” panlesihe Gusti.

“Kira-kira wae durung. Awit sabubare awakmu nunut adus kae, Fung Fung mbingungi, nlesih-nlesih, ndhedhes aku. Dikira aku bersekongkol karo awakmu. Dikira aku ngerti barang sing kokgawa …, barang apa ta sakjane?”

“Hmh,” Gusti mesem karo isih clingukan nggoleki Fung Fung sing jare Wangi ora adoh saka papan kono.

“Wis, ngene ae, Wang. Nek mengko ora ketemu maneh, aku pamit pisan. Titip iki kanggo Fung Fung,” kandhane Gusti karo menyat, salaman, lan jumangkah ninggalake Wangi.

Wangi nampa kartu nama saka Gusti lan ndlesepake kertas warna ireng kuwi ing sak klambine.

Gusti mestas wae saka pura. Nalika sikile jumangkah mlebu omah, HP-ne celuk-celuk.

230

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010