Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/242

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Alesan! Ngapeli sampeyan paling.”

“Aku? Akh, apa dudu sampeyan dhewe?”

Wong loro sawang-sawangan, banjur padha-padha mesem. Sing siji pamer sipite, al sijine pamer gingsule. Nanging loro-lorone padha-padha ora ngerti isi atine sowing-sowang.

“Interupsi! Interupsi!” kandhane Gusti sawise metu saka jedhing. Kenya loro sing lagi gayeng anggone rembugann banjur meneng, nyawang Gusti sing kalungan andhuk, ngenteni sing arep dikandhakake.

“Iki mau sing mentas adus rak Fung Fung,” kandhane Gusti.

“Enek apa?” pitakone Fung Fung ora kanten.

“Iki ngene. Neng jedhing mau ana barang berharga, bahkan sangat berharga, keri. Iki rejekiku. Saiki takgawa lan bakal taksimpen ben dadi jimat!”

“Barang apa? Endi barange?” pitakone Wangi.

“Barang apa ora perlu padha ngerti. Sing jelas, manut keyakinanku, barang mau duweke Fung Fung, sebab sing keri dhewe neng jedhing sadurunge aku, Fung Fung. Seksine awakmu ya, Wang!”

“Barang apa ta, Gus?” pitakone Fung Fung semu bingung.

“Rahasia!” wangsulane Gusti sinambi jumangkah ninggalake Wangi lan Fung Fung sing isih ora mudheng marang kandhane Gusti mau. “Matur nuwun ya, jedhinge ....”

Lembaran-lembaran memori nalika isih ana SMA kabukak satleraman. Kadadeyan wayah surup ing Candi Dasa iku jumedhul ing angen-angene.

Nalika semana rombongane Gusti skanca lagi plesir menyang Pulo Kadewatan. Plesire murid-murid SMA iku minangka sembulih anggone kasil dadi juwara lomba paduan swara antar SMA sapropinsi.

Kedadeyan ing Candi Dasa mau lagi ginelar ing pengangene nalika esuk iki Gusti ketemu Wangi ing acara paduan swara antar perguruan tinggi tingkat nasional ing Surabaya.

Sasuwene iki, sasuwene kuliyah, Gusti wis ora tau nggodha Fung Fung nalika kenya mripat sipit iku budhal menyang greja liwat ngarep omahe. Uga babar pisan oraa ngerti kabare Wangi.

Sarampunge SMA biyen, Gusti ninggalake Blitar neruske kuliyah ing Bali, memisan kumpul bapak lan ibune ing Denpasar awit simbahe wadon saka bapake sing ana ing Blitar, sing dikancani, seda sawetara dina sadurunge Gustiujian akhir SMA.

“Piye kabare Bali?” pitakone Wangi sing sengaja lungguh njejeri Gusti.

“Kabar sing endi?”

“Ya sakabehe.”

“Nek sakabehe, kabare ya macem-macem. Sing jelas, isih tetep akeh turis, sing jaremu ‘wong wuda’, turut pesisir, turut toko, turut dalan.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

229