Supandi
Srengenge wis ngglewang mengulon, nalika aku diudhunake saka mobile anakku neng pinggir dalan cedhak wit asem iku.
Wektu iku kira-kira jam 3 sore tanggal 5 Agustus 1998. Sunare srengenge isih krasa sumelet.
Aku age-age lungguh cedhak wit asem—ya wit asem sing dhek 56 taun kapungkur dakpeneki lan dakplinthengi wohe—sing edhum lan eyub.
Caping bodhol silihan dakglethakake cedhak pathok kilometer sing ana angka petunjuk Kta. 6—Pwr. 6. Panggonan iki udakara 300 meteran tilas daleme Bapak/Mamak Suwargi, sing saiki wis dadi pekarangan suwung dadi duweke wong liya.
Aku wiwit tata-tata arep nlusuri “jalan kenangan” lan yen bisa kepengin sisan “menghayati” kedadeyan setengah abad luwih sing wis kliwat.
Kanthi sengaja “nyeker’ (ora nganggo srandhal utawa sepatu), nganggo klambi potang aring werna putih tuwa, kathok ireng lusuh kedhodhoran lan nganggo caping, bodhol, aku wiwit Bismillah …, gliyakgliyak mlaku ngetan ..., dhewekan ....
Aku karo Bapak lagi wae dhog mulih saka sawah, macul, ndadak krungu swarane Mamak (ngono aku ngundang ibuku), grenengan nesunesu. Sing dinesoni ketoke kok simbah putri sing lagi wae seminggu andhok neng omahe Mamak neng ndesa.
“Nek Mamak—ngono uga ibuku yen nyeluk simbah putri—ora kersa urip sakanane kaya ngene, ya mulih wae kana neng nggone Jaeni. Ngerti wong jaman gek werik ngene, penginane kok rupa-rupa! Apa sing kepengin ngombe teh legi, kepengin ngombe kopi! Takkandhani ya Mak, bisa mangan sedina sepisan wae wis pira-pira.”
“Ya wis, aku ora arep njaluk rupa-rupa. Ora arep kepengin ngombe wedang legi, wis,” wangsulane simbah karo gurawalan ngusapi luhe nganggo slendhange.
“Lha kok wis nggawa slendhang barang, arep purik maneh ta? Arep mulih nang ngomahe Jaeni maneh ta? Ya kana, nek ora gelem nrima
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
11