Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/239

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Penasaran aku!” klambi kothak-kothak soklat cluluk maneh. Pindhah bangku njejeri wong wadon setengah tuwa. Kaos lan clanane abang bata. Lengen kiwa-tengen gelange sak rante kapal, drijine enem direnggani ali-ali kabeh. Nekep tas soklat.

“Sampeyan seneng ta, Bu?”

“Ayahe Silvi.”

“Sakniki ajenge teng pundi?”

“Wangsul Saradan.”

“Wah, kenek digawe oleh-oleh.”

Lan durung nganti entek omonge, ngadeg nyedhaki sing duwe manuk. Mbisiki karo tudang-tuding banjur bali njejeri wong wadon setengah tuwa iku.

“Telung atus,” kandhane semu bisik-bisik.

“Dhuwike mboten teka.”

“Pinten sih?”

“Rong atus skeet.”

“Kula tomboki sik nggih?”

“Mboten!”

“Lek padha-padha rong atus seket, wani tak tebak dhewe!” klambi biru nyela, ngadeg lan ngrogoh sak clana sisih mburi.

“Iku jeneng ngajak elek-elekan, Mas. Mesakna ibuke iki, no,” klambi kothak-kothak soklat alok rada sora. Manuk njeron tas kresek ngoceh maneh. Bis Jaya mlebu Sukomoro. Klambi kothak-kothak soklat lungguh sedhela ing sandhinge wong wadon, bubar kuwi nyedhaki sing duwe manuk lan bisik-bisik. Bali sedheku nyedhaki wong wadon setengah tuwa iku maneh.

“Pundi dhuwike?”

“Angsal, ta?”

“Pun ta, pundi!”

Mbarengi wong wadon iku ngulungake dhuwit, beo ing njeron tas kresek ngoceh, “Assalamu alaikum, Cewek-cewek, Ndang Baliya Sri, Ndang Baliya Sri.” Klambi kothak-kothak soklat marani sing duwe manuk.

“Tulung Mas,” panjaluke karo nyalami, ngulungake dhuwit lan semu meksa, tas kresek dirayah.

“Lho. Lho!” sing duwe manuk nyoba ngalangi.

“Wis ta!”

“Jangkrik! Kalah dhisik! Sampeyan Mbak, gak cekat-ceket,” klambi biru nutuh sing njejeri.

Ing Pahlawan Trip bis mandheg, penumpang lanang mudhun. Sing duwe manuk nyedhaki wong mentas nuku manuke.

“Kula mandhap ngriki, Buk,” pamite.

226

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010