Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/238

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tekan laladan Perak bis mandheg. Penumpang loro munggah, ditututi pedhagang buku-buku wacan lan bakul omben-omben. Manuk beo ngoceh maneh, narik kawigaten.

“Kate sampeyan gawa neng ndi?”

“Tak dadekna dhuwik, Mas.”

Klambi dawa lengen biru nginguk memburi, beone ngoceh maneh.

“Lho?” klambi biru wiwit melu-melu kepranan.

“Patang atus, tapi tak bayar nang ngomah!” klambi kothak-kothak soklat nyoba nganyang.

“Gak, Mas!”

Sing nyangking tas lan nyekethem handphone ngalih lungguh rada cedhak. “tak ijoli handphone!”

“Gak, Mas. Aku butuh dhuwik.”

Handphone tambah satus ewu.”

“Gak, Mas!”

Bis mandheg ngedhunake penumpang. Bakul asongan medhun, digenti bocah ngamen cacah telu. Siji nyangklong gitar, sing loro keplok-keplok. Anggone nyanyi karo jegigisan. Rampung menyanyi, ngathungake topi diwalik karo maido penumpang sing sumendhe liyer-liyer kumudu turu.

“Sayang gak nggawa duwik, rek. Sampeyan berminat ta Mbak?” pitakone klambi biru marang bocah wadon sing dijejeri. Sing ditakoni mung klecam-klecem. Klambi biru nyedhaki sing duwe manuk, sawise bisik-bisik sedhela, bali njejeri bocah wadon. Beo njeron tas kresek ngoceh,

“Ndang baliya, Sri. Ndang Baliya, Sri ….”

“Lho!” wuwuse klambi biru, lan bocah wadon iku melu-melu nginguk.

“Telung atus paling diculna,” aloke klesak-klesik. Bocah wadon iku mecucu.

“Ruh bosku, iku sak juta gak kathik nganyang! Sampeyan dhuwiki sik mari. Lek sampeyan dol meneh, tak tebuse, tak batheni seket. Iki lho, nomer tilpunku,” pandheseke karo ngulungi nomer tilpun.

“Sampeyang mudhun ngendi, sih?”

“Ponorogo.”

“Padha. Wis, sampeyan dhuwiki sik. Temen, eman iku!”

Nganti mlebu terminal Kertosono prasasat ora ana sing cemuwit, kejaba ocehe beo sing menyanyi nirokake sawernane lagu.

“Yak apa, handphone tambah satus?” klambi kuning tela ngambali panganyange.

“Gak, Mas!”

“Mudhun nggonku, tak golekna pembeli,” klambi kothak-kothak soklat nembung maneh.

“Sampeyan makelari?” Pokoke, dadi gak dadi, saiki!” sing duwe

manuk negesi, disambung ocehan beo.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

225