Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/236

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Pak Polisi,” sambunge Taru maneh, “Sampun kalih taun wana ngriki aman, amargi tiyang-tiyangipun sami sadhar lan purun tumut rumeksa. Kula aturi taken dhateng Mas Mantri, utawi mirsani piyambak. Wit-witan lan gegrumbulan sami wetah, tuwuh ngrembaka nutupi pereng-perenging gumuk. Kewan-kewanipun wiwit bebranahan, tanpa wonten ingkang ngganggu. Kanthi kesadharanipun pedunung lan masyarakat, gangsal taun malih wana menika badhe dados taman alam ingkang ngelam-elami. Mangga, samenika sami pinarak ing gubug kula. Saking ngrika sesawangipun langkung sae.”

“Pak Taru, sampeyan pancen cocog manggen wana ngriki,” tembunge Polisi iku, “Saniki kula percaya yen Pak Taru lan sedherek-sedherek ing ngriki sami purun mbantu rumeksa alas saisine niki. Sing bisa lan kudu njaga niku pancen nggih masyarakat dhewe, sanes Polisi. Rak nggih, ta?” Wong sing wiwit mau bungkem iku sumaur, “Nggih, Pak.” “Pang-pang sing empun dikethoki nika dirawati sing becik. Kula badhe dhateng Kemantren rumiyin.”

Sapungkure polisi-polisi kuwi, Parta sakancane nyaketi Taru, “Taru geneya kowe malah ngayomi aku?”

“Lha kudune aku kepriye? Upama tak laporake, kowe ditangkep, anak bojo lan kulawargamu bakal kleleran. Weruh wit-witan koktutuhi iku wae atiku wis lara, apa maneh yen weruh kulawargamu padha sengsara. Menungsa iki satemene isih perangan isen-isening alam gumelar. Yen saperangan ana sing lara, perangan liyane ya katut lara.”

Wong-wong iku padha nyaketi Taru sing saiki katon agung ing pandulune. “Ora ngira jebul atimu beninge kaya banyu sendhang, wicaramu ayom kaya mendhung. Gusti Allah isih ngayomi awakmu. Saiki tuduhna apa sing kudu tak tindakake.”

“Ngene ya, yen kowe gelem, turahan dhuwit hadhiyahku kae wae padha enggonen pawitan bakulan. Ning wis aja bakul areng sing njalari kowe nyolongi kayu alas. Bakula liyane wae.”

Wong-wong mau nuli iring-iringan ngetut lakune Taru menyang gubug senine. Gawe wedang, ngombe-ngombe lan mangan pacitan, sinambi nyawang pereng-pereng gunung kang ijo sumringah. Ngrasakake kaendahane alam gumelar. Kekayon kang seger godhonge, gegrumbulan kang ngemuli gumuk. Manuk-manuk kekablak. Mega-mega mayungi. Watuwatu ing selaning banyu mili. Bening banyune sendhang, kumricik anjog mangisor, nggawa kabar kasuburan menyang tlatah ngare.

Jaya Baya, No. 48, Minggu I, Agustus 2004

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

223