Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/235

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ora ana sing obah. Mung Sakir sing mangsuli, “kari ngglundhungake we, glundhungna dhewe ta.”

“Ya wis kana, padha mudhuna. Tak glundhungake ….”

Wong papat jumangkah ngudhuni pereng, ning jegagig! Jangkahe kandheg dening jumedhule polisi loro. Wong-wong iku, uga Parta sing isih malang kerik ora ngerti yen Polisi iku dhewe satemene ya kaget weruh ana wong dibanda iku.

“Endi sing jenenge Pak Taru?” pitakone Polisi.

Ora ana sing wangsulan, awit wong-wong iku uga ngemu pitakonan. Taru kok digoleki Polisi. Parta wiwit rada ayem. Sajake Taru iki buroning Polisi, mula ndhelik ana ing alas iki. Wis kebeneran olehku nlikung iki mau, batine Parta sing banjur wani miterang.

“Panjenengan madosi Taru, ta?”

“Iya.”

“Niki tiyange!” ature Parta karo nudingi wong bandan ing ngarepe.

“Kok ditlikung?!” Polisi loro iku mlengak, ndudut pistul, diancamake marang wong-wong iku karo muwus, “Nek ngono kowe kabeh iki sing gawene nyolongi kayu alas! Ayo, diuculi bandane!”

Kanthi wedi Parta nguculi tangan lan sikile Taru. Polisi loro iku saya gamblang anggone nyawang. Wong-wong iku kabeh nyekel bendho, lan ing kana ana pang-pang sana keling pating blengkrah mentas ditutuh. Sajake Taru iki mau elik-elik, banjur dikroyok.

“Kowe mentas nyolong kayu, ya?”

Kabeh tumungkul. Malah Taru sing kumecap, “Punapa Bapak badhe nangkep tiyang-tiyang punika?”

“Inggih, Pak. Keleresan kula nampi tugas ing wana ngriki, lan kadhawuhan njujug sanggaripun Pak Taru.”

Bubar ngomong ngono Polisi mrentah wong-wong iku, “Ayo, gamane diselehake kabeh! Lan melu aku menyang kantor Sektor!”

“Nyuwun pangapunten, Pak,” tembunge Taru gawe gumune wongwong mau.

“Tiyang-tiyang niku wau mboten nyolong kajeng. Namung salah paham.”

“Salah paham dospundi?”

“Leresipun sedherek-sedherek menika wau kula sambat damel kandhang sandhing gubug ngrika, kangge ngawinaken kewan-kewan ingkang badhe kula umbar wonten wana ngriki. Sajakipun nginten bilih kula badhe ngginakaken kajeng wana ngriki. Terus tanpa taren-taren ngethoki kajeng. Mesthi kemawon kula srengeni. Jebul malah dados sulaya. Mbok menawi sami serik, rumaos mbantu kok malah kula srengeni.”

Polisi iku sajak mandheg-mangu. Ning sing omong iku Taru dhewe,

mula wekasane ya bisa nampa.

222

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010