Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/232

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mondhok ing Pedan, saben sasi dikirimi dhuwit Mas Kukuh saka Bandung. Telung sasi sawise putramu lair, anggonku nglamar guru ditampa, tiba ing es-dhe Karangdawa, daklakoni nganti saprene. Mas, bola-bali aku tekan desa Jetis, nggoleki sliramu, nanging ora ana sing ngerti. Wekasan aku mutusake, upama ora bisa ketemu sliramu maneh, aku rumangsa cukup tentrem urip momong putramu ing tanah kelairanmu iki, nganti tekan puputing umurku besuk. Mas, gelang perak sing dienggo gendhuk iku gelang olehmu nukokake nalika padha dolan menyang Blitar biyen kae.”

Tanpa krasa eluhku dleweran nelesi pipi.

“Dhik Retna,” ucapku setengah sambat, “ora ngira limang taun lawase awake dhewe urip sesandhingan tanpa ngerteni.”

“Limang taun Mas? Lha sadurunge …?”

“Ora suwe sawise aku ninggal kutha Surabaya biyen, aku wis oleh pengangkatan guru ing SMA Pekalongan. Limang taun kepungkur, ngrumangsani saya tuwa mangka urip ijen tanpa kulawarga, aku njaluk pindhah Klaten, mulih menyang desaku Jetis, mung patang kilometer ngidul ngulon saka kene. Nanging, ngertenana, Dhik. Ing wewengkon kono iku ana desa telu jenenge Jetis kabeh, lan ora pati adoh. Sing siji, Jetis klebu Desa Wonosari, sing siji Jetis klebu Desa Ketandan, lan sing siji Jetis omahku, klebu Desa Jagasetran. Mesthine sing tau kok parani iku Jetis, Wonosari sing paling cedhak saka kene.”

“Dhuh Gusti nyuwun ngapura ….”

Dheweke ora bisa nerusake, mung tangise sing njebrol maneh. Dumadakan wong loro padha kagete weruh Setyaningsih metu saka ruwang mburi, njranthal nubruk aku karo nangis.

“Bapak …! Oh, panjenengan Bapak kula. Bapak….”

Dheweke ngrangkul kenceng banget, karo mepetake raine ing dhadhaku. Dak elus-elus rambute sing ketel ngrembyak ing gegere.

“Anakku, Nggeeer, Setyaningsih.”

Mung iki kang bisa dak ucapake. Nalika iku batinku ora kendhatkendhat muji syukur marang Gusti Allah, kang wus kepareng ngumpulake aku karo anak bojoku sing wis rong puluh taun ilang, ing dina riyaya kupat iki.

Jaya Baya, No. 15, Minggu II, Desember 2004

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

219