Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/229

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

bocahe ya persis banget karo kowe. Aku mung butuh ngerti, apa asalmu saka Surabaya, lan duwe sedulur ana kana?”

“Boten. Kula asli kelairan mriki. Maksud kula kelairan Klaten. Nalika kula taksih alit rumiyin, Ibu manggen wonten Pedan, mondhok, lan wiwit klas sekawan es-dhe, Ibu mundhut griya menika lan manggen wonten ngriki.”

“Ibu? Kok ibu, lha Bapkmu ana ngendi?”

“Kula boten gadhah bapak, kok,” ature bocah iku karo tumungkul.

Aku dadi saya ngangseg kepengin ngerti.

“Apa bapake wis seda?”

“Ngendikanipun Ibu ngaten. Nanging saben kula nyuwun pirsa perkawis bapak kula, Ibu mesthi lajeng muwun. Kula namung kepengin ngertos ing pundi kuburipun bapak kula, kula kepengin ziarah. Nanging Ibu boten nate kersa maringi pirsa.”

Atiku saya notolkrungu ature bocah iku.

“Dadi kowe ki mung urip karo ibumu wiwit cilik?”

“Inggih, Pak.”

“Ibumu ngasta apa?”

“Dados guru es-dhe.”

“Pindhahan saka ngendi?”

“Boten nate pindhah. Wiwit kula alit Ibu ngasta ing es-dhe Karangdawa, ngantos sepriki. Namung manggenipun ingkang pindhah. Rumiyin mondhok wonten Pedan, celak peken nika wau. Lajeng mundhut griya menika lan pindhah ngriki.”

“Asmane ibumu sapa?”

“Retnaningsih.”

Mak tratab atiku. Retnaningsih. Yaiku dheweke. Nanging kok ora mulih nalar yen Retnaningsih njur dadi guru ana Karangdawa. Upama dheweke biyen njur nglamar dadi guru, mesthine ana Surabaya utawa saora-orane ya ana Jawa Timur. Ah, bisa uga mung kapinujon wae jenenge padha, lan ndilalah anake ya mirip banget karo Retnaningsih biyen kae. Gusti Allah iku Maha Kuwasa, wenang gawe lakon sing aneh-aneh.

“Wonten menapa, Pak?” ucape bocah iku ngagetke aku.

Rada gugup olehku mangsuli, “Anu kok, Ndhuk. Ya kuwi mau, aku ki tau kenal bocah wadon sing rupane mirip banget karo kowe, nganti kesenengane menganggo barang kok mirip, seneng nganggo gelang perak renteng telu kaya sing kok enggo iku.”

“Oh, inggih ta?” ucape karo ngangkat lengene ngatonake gelange.

“Menika gelangipun Ibu nalika taksih enem rumiyin. Ngendikanipun Ibu, ingkang mundhutaken Bapak saderengipun seda.”

“Ha?! Sing mundhutake Bapakmu?”

“Inggih. Rumiyin tansah dipun agem Ibu. Wiwit kula mlebet es-empe, gelang menika kaparingaken kula, lan kula angge ngantos sepriki.”

216

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010