Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/228

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Aja nampik, Cah Ayu, aku ora duwe niyat ala. Tuwaku semene aku durung tau duwe anak, lan weruh kowe ki aku kok ngangen-angen, iba mulyane uripku upama kowe ki anakku. Dakbayare wae ya, blanjanmu kuwi?”

Aku krasa yen gunemku ki keladuk lan bisa nuwuhake tandha pitakonan ing batine bocah iku. Nanging rasaku kaya ora bisa dak sayuti weruh bocah iku. Aku kepengin ngerti luwih cetha, bocah iki anake sapa lan apa ana gandhenge karo Dhik Retna biyen kae. Tenan, bocah iki mandeng aku sajak ngemu pitakonan. Nanging wusanane mesem karo kandha, “Matur nuwun, Pak.”

Nalika bocah iku mungkur numpak Honda-ne, sakala atiku sumedhot, kaya-kaya aku rumangsa kelangan dheweke. Aku dadi ora ngerti marang awakku dhewe, geneya rasaku dadi kaya ngene. Bocah iku dudu apa-apaku, ketemu wae ya lagi tuku apel iku mau. Dumadakan wae atiku kok kaya kebak rasa asih marang dheweke. Ora kuwat nahan notoling atiku, aku mbuntuti lakune bocah iku saka kadohan. Ing pojok lapangan desa Sumber, dheweke menggok ngulon nurut dalan aspal cilik kang mlebu desa sisih kulon. Lan ing omah nomer telu saka pinggir desa, dheweke menggok mlebu latar. Mesthi wae bareng aku liwat kono dheweke weruh. Banjur alok, “Lho, Pak, panjenengan kok ugi miyos mriki?”

Aku sengaja mandeng. “Yen menyang pasar Pedan pancen aku liwat kene, Ndhuk. Luwih-luwih yen pinuju pasa ngene iki. Golek dalan sing eyub turut tengah desa.”

“Oh. Lha, mangga pinarak.”

Aku pancen kepengin mampir. Mula rindhik asu digitik, aku mlebu plataran omahe. Aku mung kepengin ngerti luwih cetha perkara bocah iki.

“Apa bapake ana ndalem, Ndhuk?”

Bocah iku ora mangsuli, mung gedheg thok.

“Lha, ibumu?”

“Ibu nembe tindak Sala, mangke bakda Maghrib nembe tugi.”

“Lha, njur kancane sapa? Sedulurmu?”

“Kula namung piyambak, kok, Pak. Kula boten gadhah sedherek. Mangga ta, pinarak.”

“Nek mung dhewe, mesthine kowe repot arep mangsak kanggo buka. Ya wis, liya dina wae aku tak dolan mrene.”

“Boten kok, Pak,” ucape bocah iku. “Kula sampun mangsak kok. Kantun nyawisaken buwah menika wau.”

Aku sida mampir. Nalika wis lungguh ing ruwangan tamu, aku kandha kanthi ngati-ati marang bocah iku.

“Aja dadi atimu ya, Ndhuk. Wiwit weruh kowe ana pasar buwah

mau, aku ki njur kelingan bocah sing tau dak kenal ing Surabaya, awit

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

215