Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/227

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BERKAH ING DINA KUPATAN Ki Ciptawara

Lagi milang-miling arep tuku apel, aku kaget weruh bocah wadon lagi tuku uga. Sakala jantungku geter kaya dierog-erog. Bocah iki sapa, anake sapa, teka persis kaya dheweke biyen. Njinggleng anggonku nyawang, kaya eman yen ilang saka pandulu. Wiwit rambut sing ireng ketel kumlawer tekan gegere, sinom sing pating jleprik ing ndhuwur bathuke, mripat sing bening kolar-kalir, irunge sing ngrungih, lathine sing dhemes rada mlengkung mudhun ing pojoke, dedege kang sedheng, pawakan sing sedhet lan singset, nganti tekan panganggone, rok dawa tekan kemiri, warna putih mawa kembangan kerep cilik-cilik warna biru, gelang perak renteng telu, iki kabeh jebles karo dheweke biyen kae. Apa iki pancen anake? Mokal, ora tinemu nalar. Dheweke biyen bocah Surabaya, kok ana kene ki ngapa lan nalare kepriye.

Ora kuwat rasaku, bocah iku tak cedhaki.

“Sakilo pira, Ndhuk?” takonku kanggo nyambung gunem.

“Gangsal ewu, Pak. Menapa badhe mundhut?”

Krungu swarane, atiku saya trataban. Kok persis dheweke biyen.

“Aku dak melu tuku rong kilo,” kandhaku.

Tanpa dak atak, bocah iku aba marang bakule, “Bu, pun timbangaken malih kagem Bapak menika.”

“Iya, regane nem ewu, sekilo.”

“Mmm …, boten. Sami kula wau, gangsal ewu.”

“Ya wis,” ucape bakule buah karo wiwit nimbang.

Karo ngenteni aku takon maneh, “”Ndhuk, kowe kok ayu tur wasis. Jenengmu sapa lan omahmu ngendi?”

Rada klincutan bocah iku mangsuli, “Bapak ki, kula Setyaningsih, griya kula Sumber. Lha, Bapak kok blanja piyambak, Sibu wonten pundi?”

“Sibu ora ana ngomah,” sauranku goroh. “Lan yen pasa ngene iki aku kulina blanja buah dhewe.”

Karo ngetokake dhuwit rong puluhan ewu, aku kandha, “Ndhuk, banjanmu dak bayare pisan.”

“Ah, boten Pak, boten mawon.”

214

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010