Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/226

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wengi tansaya sepi. Mbok Kasan mlebu ngomah, perlu njupuk rong lembar kertas wesel kang durung distempel. Kertas wesel mau disawang. Nalika semana kaya gawang-gawang praupane Lastri kang nyatane batine ajur-sumyur. Sanajan tata lair, katon branggah lan tansaya mundhak ayu.

“Ndhuk, muliha ta, Ndhuk. Simbokmu ora kuwat nandhang kahanan mangkene,” pasambate Mbok Kasan.

Ora watara suwe tukul pitakonan, “Apa ya ala banget ta, wanita sing pegaweyane kaya anakku? Apa pancen najis, pakaryan kaya mangkana? Najis endi karo tumindake wong-wong gedhe sing padha korupsi?”

Kabeh mung dhapur pitakonan lan Mbok Kasan ora bisa wangsulan. Eluhe tansaya nrocos kaya grimis lan wengi tansaya sepi.

Sepine wengi tansaya cetha saben keprungu swarane walang bajang kerek sing nandhes jero.

Djaka Lodang, No. 46, Th. XXXII, 12 April 2003

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

213