Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/225

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mau Mbok Kasan kaget. “Kowe nangis, Nang?” Bocah mau panggah durung bisa wangsulan. Wong tuwane nyedhaki kambi takon lirih.

“Nang, apa sing kok tangisi?”

“Mbok, aku ora mentala marang mbakyu,” wangsulane banjur malyu mlebu kamar lan ungkeb-ungeb kambi nangis sesenggukan. Bocah kuwi tansah eling lan rungon-rungonen critane Pak Hadi, tanggane, kang nate weruh Lastri neng Jakarta. Pak Hadi nalika semana crita marang Kasirun bab pagaweyane Lastri.

“Mesakake,” kandhane Pak Hadi. “Lastri kuwi cah ayu tenan, nanging uripe trima dodol awak.”

Nalika kandha ngono, Pak Hadi ora nglegewa yen Wagino lagi lungguhan cedhak kono karo anake lanang. Mesthi wae bocah mau kaget nuli pamit mulih.

Kabar mau tenane wis dimangerteni setengah taun kepungkur. Nanging Wagino ora wani kandha marang wong tuwane. Saiki, Mbok Kasan kaya kepengin banget ngerteni apa pegaweyane anake wadon. Wagino kang dianggep wis ngerti dioyak. Dheweke melu mlebu kamar karo nyedhaki anake takon, “Nang, critoa bab pegaweyane mbakyumu!”

“Aku ora bisa, Mbok. Ora bisa!” wangsulane Wagino setengah mbengok.

Senajan anake lanang ora gelem kanda, nanging Mbok Kasan wiwit bisa nggagapi apa tenane sing dilakoni Lastri. Randha mau nuli melu nangis sesenggukan karo metu saka kamar. Dheweke nuli lungguh ijen neng emper omah, sinambi nyawang langit kang abyor lintange. Angin saka kidul wetan tumiyub santer nggawa swarane jangkrik sing ngengkrik tanpa kendhat. Wektu semana dheweke sesambat karo ngundang jenenge bojone kang ninggal kulawargane puluhan taun kepungkur. Pak Kasan nalika semana rabi maneh karo bakul jamu, megat dheweke. Sawise rabi, lunga karo bojo enom embuh menyang endi nganti saiki tanpa kabar. Kepeksa Mbok Kasan urip ijen. Nggedhekake anake.

Mbok Kasan uga isih eling nalika Lastri isih cilik melu derep neng sawah. Melu golek gabah, ngangsag ana sangisore langit lan srengenge kang panase sumelet. Lara lapane anake kaya rasa njarem mlebu pulunging ati.

Nembe saiki, anake wadon klakon ngangkat uripe kulawargane. Ndadak anggone nyambut gawe kanthi cara kang kurang pener. Mbok Kasan klakon ngruntuhake eluh. Sesambat marang Gusti Kang Murbeng Dumadi kaya nyuwun pengadilan. Nuli rumangsa keduwung ngadhepi urip kang nyatane kebak sandhungan.

“Ndhuk, upama kowe panganan, klakon kowe tak mamah meneh.

Supaya bali mlebu weteng satemah ora kanggo critan.”

212

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010