Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/223

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Yen durung gelem rabi, kowe ya aja gampang nampa tamu wong lanang. Tak sawang, akeh wong lanang sing wis duwe bojo melu padha sanjan mrene. Laporan bab awakmu wis akeh sing dak tampa.”

Lastri ora wangsulan. Trima tumungkul kaya wong isin. Wagino, adhine, sing krungu rembug mau melu nyelani.

“Yu, aku ki ya melu isin. Saben-saben kanca sekolah padha nyindhir aku bab awkmu. Nganti asring wegah upama arep budhal sekolah.”

“Nanging mbakyumu ora nate ngundang wong-wong mau supaya padha sanjan mrene,” wangsulane Lastri marang adhine.

“Bener,” panyelane Pawiro. “Kowe ora ngundang, nanging nampa tekane wong-wong mau, satemah nuwuhake dredah.”

Marga Lastri katon nekad, lan nyatane akeh wong lanang sing tetep padha sanjan, kapeksa Pak Lurah nimbali. Wiwit ditimbali Pak Lurah, dheweke katon isin lan arang sanjan. Ora salin wulan, Lastri klakon oncat saka desa. Ora ana kang dipamiti. Mbok Kasan uga kaget nalika wayah sore Lastri tanpa kenyana kandha.

“Mbok, aku mengko arep budhal adoh, isin mapan neng kene.”

“Lunga menyang ngendi, Ndhuk?”

“Nggolek pangan kanggo nyukupi awak, kanggo simbok lan kanggo ngragadi Wagino supaya anggone sekolah bisa katog.”

Mbok Kasan ora bisa wangsulan. Uga ora kuwagang nyandhet lungane Lastri, kegawa ekonimi sing ringkih. Mula mung trima mangsa borong marang karepe anak. Akeh kang kaget merga ora kenyana oncat saka desane. Semana uga wong-wong lanang kang sakawit padha sanjan mrono, uga katon cuwa merga sing didhayohi wis ora ana.

Nganti setengah taun, tanpa ana kabar. Mbok Kasan rumangsa sedhih. Sawijining dina Lastri klakon mulih karo kancane. Jare nunggal pegaweyan. Sandhangane kaya wong kutha. Gawe gawoke tangga teparo.

“Ndhuk, kowe ki, nyambut gawe apa?” pitakone Mbok Kasan nalika weruh yen dhuwite anake kaya akehe ora kena dietung. Gek awake Lastri kebak perhiasan.

“Wis ta Mbok, sing baku Wagino kudu tutug sekolahe. Omahe Simbok enggal didandani. Ora perlu takon nyambut gaweku. Jaman saiki sing baku entuk kasil kanggo nyukupi kulawarga.”

“Nanging adhimu kaya kurang seneng weruh awakmu sing menganggo kaya ngono.”

“Ora apa-apa, Mbok. Upama Wagino gething marang awakku, kuwi ora apa-apa. Marga dheweke durung ngerti yen kanggo njunjung jeneng kulawarga kadhangkala kudu ana sing gelem minangka kurban.”

Mbok Kasan bisane mbrebes mili krungu rembuge Lastri. Lan wiwit

mulih sepisanan mau, saben wulan Lastri kirim dhuwit marang wong tuwane. Anggone kirim akeh lan tansah pesen supaya omahe enggal dibangun.

210

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010