Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/219

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MBALEKAKE SILIHAN Didik Sedyadi

Ngarepake wayah Maghrib, kupinge RT Marno ora krungu adzan. Mangka biasane wayah semono wis krungu puji-pujian utawa kala-kala pating cruwete bocah cilik sing dolanan microphone.

“Ndengaren mesjid sepi, Bune?” takone RT Marno karo leyeh-leyeh niyat rokokan.

“Ndingaren ndadak nakokake mesjid?” genti Bu RT sing takon.

“Lho? Kadidene RT sing open, wis samesthine ta aku nakokake ilange pakulinan sing genah kaprungu kana-kene ta? Apa awakmu ora krasa sepi?”

“Sepi kuwi amarga awakmu ota tau menyang mesjid!”

“Huh! Mung kurang siji bae kok! Kurang aku, mesjid ora kalong moncere!”

“Gene ya sadhar nek awakmu kuwi dudu apa-apa!”

“Kala-kala eling rak ya lowung ta?”

Nengahi padha rembugan ngenani sepine mesjid, Solekan nguncluk teka sajak ngemu wigati. RT Marno ngulati.

“Ana apa, Kan?” RT Marno ndhisiki.

Sound system mesjid, onten sing nyikat!” lapore Solekan karo srog lungguh.

“Ooo ..., ilang! Layak, layak. Kawit mau ora keprungu swara adzan utawa pepujian.”

“Ana maling gajege Kan?” Bu RT nrambul.

“Enggih Bu. Wah, malinge jan kurang ajar tenan kok! Telas sedaya kok, Bu!”

“Entek kabeh? Apa bae kuwi?” takon RT Marno karo nyulet rokok.

“Salon nglebet, ampli, tape, microphone, kabel, taspen ..., klebet jam dhindhing napa. Jan malinge kudu diwulang ngaji tenan kok!”

“Speker sing toa kae priye?”

“Ha, nggih kantun niku mawon sing mboten dicolong, soale kan

dicanthel teng nginggil wit nangka ..., napa malinge nggih ajeng kethepel-kethepel menek? Mengke rak selak kedenangan.”

206

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010