Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/213

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DHASAR SIAL Budi S.P.

Wadhuh! Cilaka tiga belas tenan ane. Ing dina iku, Ratih ora mlebu sekolah. Mula aku ya banjur klabakan ora karuwan, kaya pitik sing thelonan kae. Lha ya kepriye, sesuk kuwi aku ngadhepi ulangan Matematika. Ratih mono bocahe ayu, semanak, tur pinter. Cowok sapa wae, manawa meruhi lageyane, mesthi mung bakal ngalembana, lan malah kepara padha kepenging dadi pacare.

Nalika jam istirahat, aku kaya adat saben menyang kantin sekolahan, kepengin mangan soto. Ora nyana babar pisan, ing kono, aku malah ketemu Endang, kancane sabangku Ratih.

“Hallo End …, weeeh …, lha kok asyik banget kowe?” panyapaku nalika Endang sajak kepenak anggone arep maem bakso. Gandheng kaget, bakso sing wis ana sendhok, nganti tiba ngenani roke, sing njalari roke dadi reged.

“Eh, kowe Sus?! Kaget aku, nganti baksoku kuntah. Iki delengen, rokku dadi teles kaya ngene iki. Lha kok mung dhewekan wae, kowe Sus?” pitakone Endang sinambi ngelapi kutahan kuwah sing ngenani roke mau, nganggo sapu tangane.

“Iya End. Lha ya piye, Iwan ana acara dhewe je. Ngancani Anik nyang nggone Bu Martini, tuku lotek,” wangsulanku karo lungguh ing sacedhake.

“Kowe baksa apa piye Sus?” pitakone Endang.

“Sssttt, aja banter-banter …,” wangsulanku karo drijiku dak tempelake ing lambe.

“Lha kena apa?”

“Aku lagi kanker End.”

“Alaah, ngono wae ndadak nganggo alesan barang. Yen kowe pengin maem bakso, dak tembungke. Ora sah sungkan-sungkan Sus. Aku wis sing mbayari …,” kandhane Endang karo njupuk gelas sing wis isi banyu putih.

“Piye, lha kok malah bengong?”

“Eh?! Em …, ora apa-apa …, aku …,” omonganku ora dak terusake,

jalaran ngerti-ngerti, ing ngarepku wis didelehi bakso.

200

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010