Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/212

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kagem Mas Budi lan kanca-kanca desa. Rebat cekap wae. Sing sepisan, aku nyuwun pangapura nek aku kerep nggawe repot warga desa kene. Sing kapindho, aku nyuwun pamit, merga aku lan bojoku wis siap urip neng luar Jawa. Sing katelu, iki ana dhuwit satus ewu kagem Bu Yadi. Dhuwit iki kanggo nglunasi sasi wingi sing durung takbayar. Sing pungkasan, salam kagem Pak RT sekeluwarga uga warga desa. Wis ya Bud, aku aja ta arep-arep maneh. Wis ya, selamat tinggal.”

Bareng krungu isining layang diwaca Budi, kabeh wong sing ana papan kono padha pendheng-pandengan lan ngelus dhadha.

“Wis kanca-kanca, jebule dina peresmiane biyen kae yaiku dina pisahane antarane Bedja Codhot karo awake dhewe. Muga-muga wong sak keloron uripe ana ing luar Jawa padha langgeng nir ing sambekala. Awake dhewe isane mung ndedonga marang sing Murbeng Dumadi.

Bareng wis nemoni kasunyatan kuwi, sawise ndandani lawange Bu Yadi Kompor sing didhobrak mau, banjur Budi lan kanca-kancane padha pamitan.

Djaka Lodang, No. 43, Th. XXXII, 22 Maret 2003

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

199