Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/211

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Mangga .... E ..., Nak Budi. Wadhuh kok rombongan? Mangga mlebet,” wangsulane Bu Yadi Kompor.

“Nyuwun pangapunten menawi kula lan rencang-rencang punika sowan mriki grudugan. Kejawi silaturrahmi, kaliyan badhe nyuwun pirsa menawi Bedja Codhot kaliyan garwanipun dinten-dinten menika kok mboten nate ketingal,” pitakone Budi marang Bu Yadi.

“Anu, je Mas ..., kula menika ugi badhe tanglet panjenengan. Jebulanipun panjenengan malah tanglet rumiyin. Lha kados pundi nggih? Kula piyambak ugi mboten mangeros,” wangsulane Bu Yadi.

“Piye kanca-kanca?” pitakone Budi marang kanca-kancane.

“Kula usul Mas Budi, kados pundi menawi dipun tuweni wonten wingking rumiyin?” usule Parman marang Budi.

“Wak ide apik kuwi, ning tak ijin marang Bu Yadi dhisik. Kados pundi Bu Yadi menawi kula sakanca badhe nuweni wonten wingking.”

“Lha mangga ..., mangga kula sumanggakaken!” Bu Yadi ngidini karo ngadeg ngathungake tangane.

Bu Yadi, Budi sakanca padha nuju mburi omah sing dikontrak Bedja. Bareng wis tekan nggone, si Yanto Bodong iseng-iseng nginjen ing selaselaning gedheg. Dheweke weruh ana ndhuwur mejane ana amplop sing wis cemepak ana kono. Yanto Bodong gage lapor marang Budi, banjur melu nginjen. Jebule laporane Yanto Bodong kuwi bener. Budi banjur njaluk kunci serep Bu Yadi, jebule kuncine serep ora ana.

“Wadhuh ...! Piye kanca-kanca kuncine serep ora ana je?” pitakone Budi.

Darto Krecek, keamanane banjur nyaut omongan, “Piye nek didhobrak wae?”

“Ya, ora apa-apa, ning tak ijin Bu Yadi dhisik.”

Budi njaluk ijin marang Bu Yadi Kompor, wusana dililani ndhobrak lawang. Bareng oleh ijin akhire lawang didhobrak karo Darto Krecek, keamanane desa.

“Bruaaakk!!”

Bareng wus kabukak, Budi gage mlebu kamar kuwi. Budi lan kancane uga Bu Yadi padha kaget bareng weruh njerone kamare Bedja Codhot. Kamare sing biasane reget kaya gupon dara, saiki malik resik, apa-apane wis ditata rapi. Budi gage njupuk layang sing ana ndhuur meja. Layang bareng kabukak banjur diwaca Budi, kanca-kancane lan Bu Yadi padha

meneng ngrungokake.

198

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010