Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/210

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Ngene Dja, sesuk pas nembung nganti srah-srahan, Pak lan Bu Ardja dadi wong tuwamu, aku dadi RT-ne lan Mas Darto lan Mas Giyo dadi seksi pihak lanang. Piye Dja?”

Ora dipikir dawa Bedja Codhot banjur nyetujoni, “Wah ndang dicepetake wae, Bud.”

Rembug kuwi ora kena buntu, awit saking jelehe ngurusi lan akalakalane Budi sakanca. Masalah sing ruwet bisa dirampungi nganggo cara kaya main sandiwara. Pak Ardja lan Bu Ardja ethok-ethok dadi wong tuwane Bedja Codhot, Budi dadi RT-ne, lan Si Giyo karo Darto didadekake seksi kulawarga lanang. Rerembugan nganti srah-srahan iku lancar lan pihak wadon uga percaya.

Nem dina kepungkur, sing biasane Bedja Codhot karo bojone jedhal-jedhul ana desa kono, kok pirang-pirang dina iki ora tau ketok.

Wayah bengi ana ing cakruk.

“Mas Budi, aku arep nyuwun pirsa karo njenengan. Pirang-pirang dina iki Bedja Codhot karo garwane kok ora tau ngetok. Dheweke ana ngendi ta?” pitakone Darto Krecek marang Budi karo isih ngrukup sarung marga kadhemen.

“Blaik. Lha iya ta, lha embuh ya, aku gak ngerti je, iya ta dheweke ora tau ngetok ta ...! Piye ya ...?”

“Hanek Mas Giyo pirsa ora?” bali dadi takon karo Giyo Pulpen, sekretarise desa.

“Lha aku dhewe ya ora ngerti je lungane wong kaloron kae. Mung wingi sore aku dikandhani Pak Yono Aspal, RT-ne kae, hanek pirang-pirang dina iki ora weruh dheweke,” jawabe Giyo Pulpen.

Ha saiki ngene wae ....” Ardja Lenga durung bubar olehe ngomong, ujug-ujug ketekan kanca rondha liyane, yaiku Parman karo Yanto Bodong.

“Anu, kamare si Bedja Codhot kok petengan je, padha neng ngendi ya?” pitakone Yanto Bodong disambi nyuntak beras jimpitan diwadhahi karung.

“Iya aje, wong loro kok ora ketok irunge,” Parman nyambung gunem.

“Saiki ngene wae. Prekara iki dipasrahake maneh marang Mas Budi wae,” Ardja Lenga nerusake omongane mau.

“Setuju! Setuju!”

“Lha rak tenan ta, wis tak batin, mesthi aku lho sing dikon maneh. Lha mbok kowe wae Parman.”

“Wis ta Bud, kabeh iki wis dipasrahake lan dipercayakake marang panjenengan,” wangsulane Parman karo ngepu-epuk pundhake Budi.

Dina Minggu esuk Budi lan kanca-kancane sabubare sowan njaluk ijin neng daleme Pak RT, banjur tumuju neng nggone Bedja Codhot olehe ngontrak.

“Kula nuwun,” Budi nothok lawang ijo daleme Bu Yadi Kompor.

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

197