Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/208

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

gara-gara wedokan, isa dirampungake panjenengan. Nganti si Bagong wusana isa oleh Rubiyem anake bakul gudheg kidul ngebuk kae. Dadi aku sowan mrene supaya panjenengan bisa ngrampungi masalahe si Bedja Codhot kuwi.

“Wah, Kang Ardja ki olehe ngalem kok kaya ngono lho. Sing mbrastha prekara kabeh kuwi dudu aku, ning kae lho, Pak Yono Aspal, Er-Tene,” wangsulane Budi.

“Aiyak panjenengan ki lho, merendah.”

‘Saiki ngene, Kang. Si Bedja Codhot saiki ana ngendi?” pitakone Budi.

“Anu, wonten panggenan kula. Piyambake mbok menawi tilem,” wangsulane Ardja Lenga ngajeni banget.

“Ya ngene wae Kang, mengko awan kira-kira sawise bedhug aku tak sowan rana. Lan aja lali Pak RT dikabari nek ana masalah iki.”

“Anu Mas, Pak RT nembe teng Jakarta nggarap borongan dalan. Lan aku mau wis ketemu Bu RT, jarene kabeh dipasrahake njenengan.”

“Wadhuh ..., kok terus aku kabeh, njur piye? Ya wis aku njaluk tulung seksi keamanane desa karo sekretaris dikabari, ya!”

“Nggih.”

Bedhug rolasan wis kliwat. Budi sing arep ngrampungake prekara abot kuwi budhal tumuju omahe Ardja Lenga, bakule lenga mambu ing pinggir desa. Uwis kedhisikan koordinator keamanan desa, yaiku Darto Krecek karo Giyo Pulpen.

“We lha ..., wis padha tekan kene ta, Mas Darto lan Mas Giyo,” kandhane Budi marang kanca desane.

“Iya je, Mas. Uwis pas bedhug mau. Bar salat banjur mrene,” Darto Krecek karo nyruput wedang kopine sing isih panas.

“Mangga, Mas, lenggah,” Bu Ardja Lenga sing duwe omah ngacarani lenggah. Budi banjur mlebu ruangan kuwi. Pas wae Budi mlebu lan lungguh ing kursi, ujug-ujug saka jendhela kamar methungul sirahe Bedja Codhot.

“Elho ..., sampun sami kempal ta?” pitakone Bedja Codhot marang kanca-kancane.

“Lha piye, aku iki saknaca ngenteni situ, je. Malah situnya enakenak ngorok. Wis ndang dirampungake prekaramu kene,” wangsulane Giyo Pulpen sekretarise karo saking mangkele tangane nuding Bedja Codhot.

“Inggih kulatak adus riyin.”

Bedja Codhot gage metu saka kamare Pak Ardja Lenga sing dinunuti turu. Ora suwe dheweke banjur dandan apik terus metu lungguh anteng nemoni sakanca sing bakal ngrewangi ngrampungake masalah kuwi.

Budi ndhisiki takon marang Bedja Codhot, “Saiki aku sakanca pengin

ngerti critamu.”

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

195