Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/207

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KEBABLASEN R. Hartoko

Wayah esuk rikala Budi lagi ngumbah montor Yamahane sing luthuk, ujug-ujug dikagetake tekane Ardja Lenga. Ardja Lenga tansah kesusu kaya dioyak-oyak apa ta apa. Pite onta tuwa sing wis ora ana standare diembrukake sanggon-nggon. Untung wae lenga mambu sing neng pit ora wutah.

“Hos ..., hos ..., hos ..., Mas Budi ...! Mas Budi ...! Hos ..., hos ....”

“Ana apa ta Kang? Kok kaya dioyak apa wae. Ana apa?” pitakone Budi marang Ardja Lenga.

“Anu, Mas, kae kancane Panjenengan sing ngontrak panggone Bu Yadi Kompor, si ..., si ... Bedja Codhot, hos ..., hos ....”

“Bedja Codhot ana apa? Mbok ya, sing jelas ta olehe ngendikan ki! Diatur dhisik napase, dadi ora kaya ngono kuwi. Ayo sing sareh.”

Pitakone Budi marang Ardja Lenga mandheg sedhela, ngatur napas sing isih krenggosan.

“Ngene Mas Budi, si Bedja Codhot kuwi bubar subuhan mau rak menyang nggoku. Dheweke duwe prekara abot sing ora bisa ngatasi.”

“Bab apa Kang?”

“Anu, soal wong wadon.”

“Piye? Apa dheweke ngrebut bojone wong apa piye?”

“Ora, dheweke kuwi masalahe anu, Mas. Dheweke ngetengi kancane!”

“Wadhuh!” Budi sawise krungu critane Ardja Lenga langsung kaget nyekeli bathuke karo liyer-liyer banjur ngelus dhadhane.

“Wah, kula nyuwun pangapunten lho, Mas Budi.”

“Wis ora apa-apa Kang,” jawabe Budi karo ngepuk-epuk pundhake Ardja Lenga.

“Saiki, tujuane pokok Kang Ardja mrene ki apa?”

“Ngene, Mas Budi. Sanjeroning laporan uga karo nyuwun tulung panjenengan. Panjenengan rak priyayi sing diajeni uga ketua pemuda ing desa kene. Kejaba diajeni, kabeh masalah sing ana desa kene gampang

banget dirampungake. Kayata kasuse si Bagong Bata sing arep nglalu

194

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010