Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/205

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wis kadhung. Ing wengi-wengi dawaning wengi Susmono bola-bali tangi. Sundari, ibune kober aruh-aruh.

“Sus, mbok aja ngganggu ta! Bola-bali mbukak lawang!”

Nanging Susmono ora wangsulan.

Nalika Susmono methuk Ernawati nalika gremis kae, ulate Susmono pancen katon rada peteng, kaya petenge dina kuwi sing lagi grimis.

Mobil kijang abang mepet teras. Pintu kiwa sisih ngarep dibukakake Susmono saka sopiran. Ernawati lumebu lungguh jejeran ana ngarep. Bareng wus sauntara kijang gumleser, Ernawati mbukani rembug.

“Mas. Mas, rada kawanen sithik.”

Nanging sing diajak rembugan ora enggal wangsulan. Sepi sawetara. Banjur Ernawati mancing rembuge maneh.

“Mas, Njenengan diajak ngomong kok meneng wae ta? Apa ana sing lagi dipenggalih, Mas? Apa maneh ta sing dienggalih?”

Sing diajak guneman kaya-kaya tersinggung. Katon rada bingung. Nanging enggal bisa golek pawadan kanggo mangsuli.

“Awakku rada ora kepenak kok. Bengi angel anggone bisa turu.”

“Masuk angin kuwi Mas, wis diobati apa durung?”

“Wis ngombe tolak angin.”

“Ye durung tak keroki bae piye?”

“Ora susah, Dhik.”

Ernawati isih ndeleng polatane Susmono bae. Sing disawang suwesuwe klincutan. Ernawati lungguhe ndheseg nuli kandha.

“Mas ..., apa pamit dhisik, mengko balik kondur bae. Mengko tak pijeti rak mari.”

Kijang terus nasak grimis sing saya gedhe-gedhe, udan temenanan. Sanajana wis wangsuli ngono, Ernawati ora uwal anggone ndelengke raine Susmono.

“Mengko rak mari. O ..., iya. Apa wis samekta kabeh sing kanggo suk Minggu?” pitakone Susmono ngiras kanggo ngalihake rembuge.

“Uwis Mas. Panjenengan ora perlu menggalihake. Panjenengan menggalih sing ana ndalem bae. Apa Ibu ora kecipuhan mengko?”

“Ora. Kabeh pesenan satenagane sisan,” wangsulane Susmono.

Ernawati didhunake ana ngarep lawang sekolahane. Dene Susmono terus menyang kantore.

Tumeka ing dinane penganten, tamune nganti kurang panggonan. Saperangan pestane ngadeg. Pikirane Susmono wis ora ana tabete Sariasih, kang ana mung Ernawati kang njejeri. Nanging lagi nengah-nengahi upacara katon ana wong sekaliyan kang teka. Wong lanang sedheng ngagem jas warna biru ireng, dhasine garis-garis ijo putih. Sing njejeri mlaku themlek-themlek, wanita nganggo kebaya ijo jarite sidomukti, ora liya

Sariasih karo bojone.

192

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010