Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/203

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ibune saiki adeg toko “Serba Ada”. E ..., Ndhuk! Iki bapakmu diaturi lawuhe,” dhawuhe marang wayahe.

“Bu, calone Sari sinten ta sajane?” pitakone dibaleni maneh. Ora lali kambi njupuk lawuh kang lagi diaturake dening Tyasih anake wedok.

Ibune mesem sajroning penggalihe. Ngerti yen putrane sajake ora seneng lan kagelan atine, dene Sariasih arep omah-omah ngono.

Mulane ibune anggone mangsuli, “Aku iki ora ngerti kok, Sus. Mosok aku kon ngglibeng. Rasaning atiku rak ora kepenak ta? Mung bae pandongaku besuk pas mantene kowe, Sari sida mrene karo bojone. Malahane ta kowe njur bisa tetepungan karo dheweke kuwi ta?” wangsulane ibune alon.

“Ya yen gelem Bu .... Yen ora?” Susmono isih urang percaya.

“Ya kuwi. Ah ..., embuh Sus. Sing penting ulemanmu wis tekan dheweke. Dheweke omong yen arep teka. Rak wis ta? Wondene mengkone ora teka ya ora mangerteni ta Ibu?” ngono wangsulane Sundari sing wis rada jengkel, merga diuber anake lanang.

Susmono prasasat ora mangan. Wetenge wis mbedhedheg. Wareg. Ora kaya padatane mesthi tanduk. Sarampunge mangan awan biasane terus ngadhepi televisi utawa radhio. Nanging wektu saiki dheweke malah mlebu ing kamar, atine sumpeg. Ngono bae isih kaya wong lagi bingung, ya pancen lagi bingung temenan. Ana kamare njagong ngadhepi meja tulise, nanging mung mbukak-mbukak arsip naskah-naskahe sing wis kedalu warsa. Dheweke nuli menyat, awake diglethakake ana peturon. Mlumah ngaplah-aplah, mripate ndeleng pyan kaya-kaya bisa tembus tumekaning angkasa kang bawera jembar ngilak-ilak tanpa wates. Lakune terus nyang dina-dina kang wus ditinggalake pirang-pirang minggu kepungkur. Kabeh lelakon kang wus nate diambah dhek wingi-wingi bisa gawang-gawang katon ing netra. Kabeh tinon endah, mewah, lan mulya jati.

Sariasih kang ana sandhinge dirangkul, alon-alon dikekep kenceng, kuwatir yen ilang. Nuli diambungi sakatoge. Sing dikekep tanpa swala mung sumangga sakersa-kersane Susmono, ora bosen-bosen. Kaya ngono mung sakeplasan njur ilang. Ganti kang tinon, Ernawati kang jumedhul ngancani. Blasss, Sariasih ngaton maneh. Sariasih digandheng dening priya liya. Gegambaran mau sejatine durung nate, ya lagi saiki. Nanging sapa priya kuwi? Saupama dheweke ora suka kabar yen arep ijaban kanthi ngulemi Sari, mbok menawa ora kedadeyan kang kaya mengkene. E, lelakon. Mung kari pirang dina engkas. Nanging kang banget nukulake pitakone, gek kaya ngapa wujude wong lanang mau? Apa nyata ngungkuli dheweke? Mung sing dikuwatirake dening Susmono, yen wis omah-omah karo wong lanang liya, dheweke nduweni rasa owel lan ora narimakake

yen Sariasih dilelara atine.

190

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010