Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/202

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Krungu ngendikane ibune mau, Susmono banjur malah mbingungi pisan. Anake kang lungguh ana sacedhake dheleg-dheleg pindha reca kuwi. Ibune Susmono jengkar, Susmono dhewe uga menyat bali maneh ana ing teras. Lungguhan ana panggonane dhek mau. Atine goreh. Pentiyang-pentiyung kaya pange wit-witan kang kena angin. Mula-mula ya kabar saka ibune kuwi. Sejatine, sajroning atine isih owel-owelan. Rumangsa gela lan ora rila yen Sari winengku dening priya liya. E ..., sanajan dikaya ngapa.

Nanging pancen embuh atine piye kok kaya ngono. Wong wadon wis pisahan dipek wong liya, ateges wis babar pisan ora nduweni tanggung jawab. Lha kok ya ora rila yen dipek dening wong lanang liya. Iku rak aneh. Nanging nyatane ana gandheng cenenge karo anak. Mula ya ora maido. Kira-kira bae, Susmono isih duwe pangarep-arep baline Sari ana ing pangkone dheweke yen atine kaya mangkono. Nanging kena apa kok Susmono wis nggandheng wanita liya? Apa amarga anggone pisahan sekawit saka inisiatipe Sariasih? Dadi sing wadon sing njaluk pisah. Yen ngene iki ya ana empere.

Yen ta mangkono harak wong wadon sing bakal didhaup dening Susmono saiki mung kanggo tambel butuh? Kamangka sejatine Susmono uga eling yen gantine ibune Tyasih ya wis samekta gati sumandhing ing saben dinane karo Susmono. E ..., wong lanang iki pancen aneh. Aneh banget.

Susmono wis ngina yen Sariasih ora bakal bisa entuk priya maneh, kajaba mung dheweke bae. Jroning atine sejatine ngandhut pangina marang Sari mantan bojone mau. Dheweke malah keliwat anggone mikir, wani ngarani yen wong lanang sing gelem ngijab Sariasih tetep klebu wong sing ora tata. Nganggep yen wani ngina marang Susmono. Wong mau dianggep wis wani ngrusak pager ayu.

Panemu ngono kuwi diugemi, dianggep bener. Lali marang hukum kang wis lumaku. Nanging, tumrape ati kang isih seneng, kuwi tetep benere. Mulane senajan durung tau weruh kaya ngapa wujude, kaya ngapa wonge sing bakal dadi bojone Sari, durung-durung wis tuwuh rasa anti pati, sengit kang ora ndaan. Sengite kepati-pati. Nanging geneya Sariasih gelem winengku dening wong lanang mau? Susmono ngigit-igit banget. Rasa eklase ora ana babar pisan.

Nalikane Sundari, ibune Susmono undang-undang Susmono ing wayah awan kuwi, dheweke gemang atur wangsulan. Apa maneh ngadeg lan jumangkah, gelema! Nanging bareng anake wedok sing nyedhaki kaya dibandhuli watu saendhas kebo. Dheweke digandheng mlebu omah deningTyasih, anake wedok terus menyang ruwang makan. Anake wedok sing ngladeni dhahar. Sundari nyedhaki Susmono mau karo kandha.

“Sariasih saiki malah wis bukak warung makan ana Mertoyudan,

Jalan Yogya-Magelang. Rame wong-wong kang padha mampir. Dene

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

189