Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/201

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

E ..., kok ana pawadan kanggo ngenggokake alam pikirane putune sing lagi kelas papat Es-Dhe kuwi. Bocah kok mung ngomongake ibune bae.

Nalikane Sundari karo putune wedok tekan plataran ngomahe, Susmono wis lungguh ana ing teras karo ngrungokake siaran radhio RRI. Ndeleng ibune sing lagi teka karo anake wedok mau, dheweke gita-gita methukke minangka pambagya amarga keselak kepengin ngerti kepriye pawartane mantan bojone, Sariasih. Sauwise dikabari dening ibune manawa dheweke arep omah-omah maneh karo putri saka Semarang. Pitakoe marang anake.

“Piye Ndhuk, apa ketemu karo ibumu?”

Tyas, anake wedok mung ngguya-ngguyu terus ngglendhoti Susmono, bapake. Sundari jumangkah lumebu omah sinusul pitakonan saka putrane kakung sing wis sawetara ngenteni.

“Njur piye ta, Bu, Sari saguh nekani?”

“Ya, jarene yen ora ana kerepotan, ya arep mrene, malahan anggonee arep tka malah karo bojone,” wagsulane Sundari karo mlebu kamare saperlu arep salin klambi ngomah. Krungu wangsulane ibune, Sundari mau, Susmono jroning atine nggronjal.

“Piye Bu, arep karo bojone? Lha bojone sapa?” pitakone rada sora. Lan menyat saka teras. Dene Tyas sing ngglendhot dindhani.

“Kok aneh ta kowe, Sus? Ya karo bojone dheweke ta. Dheweke arep ijaban dina Kemis sesuk kuwi. Malah pesen marang aku supaya kowe mrana. Kuwi yen kowe sela lan gelem. Heh ..., kontit-kontit kowe. Ya ta?” wangsulane Sundari, ibune Susmono njlentrehake.

“Bu, piye? Mbok anggone ngendika sing tata ta. Mbok lenggah dhisik ta Bu ....”

“Ya sik. Ibu arep salin.”

Ibune Susmono terus mlebu ing kamare. Susmono ngenteni ing ruwang tamu katon anggone dhelog-dhelog. Mikir. Mikir jero temenan. Nuli tembunge.

“Bu ..., njur calone nganten lanang sapa? Lan saka ngendi?” sajake ngyakinake anggone miterang.

“Ya ora ngerti aku! Mosok ibu kon ndhedhes-ndhedhes. Pokoke kowe ora ngandel ta yen Sari arep kawin? Ibu dhewe ya ora ngandel kok. Coba sapa sing gelem kawin ora resmi sauwise ucul saka tanganmu. Ngono kuwi rak lelakon kang ora umum ta? Apa ora jeneng kumpul kebo?”

Kandha mangkono karo mencereng pandelenge mripate natap raine anake lanang sing lagi kelap-kelip katon yen atine lagi bingung.

“Nanging bareng Sari nerangake dhong-dhinge, Ibu lagi bae mudheng. Sari wis ketemu karo kancane kanthi ora kenyana-nyana. Wong mau kebak tanggung jawab, jarene sawijining pensiunan. Pangkate lumayan, sugih pisan, ngono kandhane Sari mungkasi omongane. Sabanjure

Sari anggone crita ngambra-ambra sawise pisahan karo kowe.”

188

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010