Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/199

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina-dina aku bubar rame karo Agung dakliwati kanthi kesibukankesibkan anyar. Aku kudu ngrampungake skripsiku taun iki. Bab-bab kang gawe pikiranku dadi sumpeg taksingkirke adoh. Ngendikane Ibu aku kudu menehi keterangan maneh karo Agung durung daktindakake. Senajan tresnaku isih tansah kanggo dheweke, nanging ora banjur kudu bisa nampa lara ati iki.

Ah, aku banjur kelingan Wiwid. Suwe banget aku ora krungu kabare. Dheweke uga ora tau nelpon aku meneh. Piye kabare saiki? Suwara montor mandheg ana pekarangan. Agung nganggo kemeja biru langit nyedhaki anggonku lungguh. Dhuh ..., sejatine aku kangen banget karo dheweke.

“Ris ..., aku mrene njaluk ngapura. Aku pancen wis kleru ndakwa kowe sing ora-ora. Ngapuranen aku ya, Ris,” panjaluke kebak rasa tresna.

Angel banget anggonku ora menehi dheweke pangapura, apa eneh pancen aku isih nduweni rasa tresna karo dheweke. Aku mung manthuk. Banjur ....

“Wiwid mlebu rumah sakit. Wis tekan wancine. Indri telpon aku esuk mau.”

Ukarane sing keri dhewe gawe aku kaget. Kaya ana thathit nyamber ing kupingku. Tak pandeng Agung suwe. Dheweke manthuk banjur ngruket kenceng awakku. Lemah abang sangarepku iki isih katon teles. Kembang mawar putih sing dakgawa takselehake sangisore kijing kang katulis jenenge. Ana perih kang ngiris-iris atiku sanalika. Kembang kamboja abang ngancani dheweke kebak katresnan.

Djaka Lodang, No. 41, Th. XXXII, 8 Maret 2003

186

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010