Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/197

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KATRESNAN
Nury Hastomo

“Genah, yen sliramu wis sedheng. Mlaku bareng karo priya liya tekan Parangtritis barang kok isa selak!” sumbare Agung nyecer awakku kaya lahar Merapi kang disuntakake. Praupane kebak rasa sengit nyawang aku. Sanalika krasa ana hawa panas ngebaki mripatku, banjur dadi eluh kang tumetes ing pipiku.

“Ora usah nganggo nangis barang, ora perlu! Aku ra bakal bisa melas merga weruh tangismu!”

“Ning kowe kudu krungu penjelasanku.”

“Aah ..., ora perlu! Ora ana sing kudu dijlentrehakae meneh. Kabeh wis cetha, kowe wis ora setya. Genah-genah Hakim ngerti dhewe lokasi KKN kepiye polahmu saben dinane, apa meneh yen lagi ngadhepi priya kuwi. Ris ..., Ris, genea kowe dadi wanita urakan kaya ngono!”

“Cukup! Cukup! Ora perlu diterusake meneh. Yen pancen kowe ora bisa nampa kabeh apa kang bakal tak jlentrehake, terserah! Aku ora bakal meksa. Nanging sing mesthi, apa sing kok tudhuhake iku kliru, aku dudu wanita sing seneng ngobral-obral katresnan,” wangsulanku kanthi lambe gemeter, nahan tangis mlayu mlebu kamar, ninggalake Agung sing isih lungguh dheleg-dheleg ing kursi tamu.

Seminggu kepungkur pancen aku lagi ngrampunake anggonku KKN. Akeh banget kedadeyan sing tak alami sajroning rong sasinan ana kana. Sesambunganku karo warga dhusun pancen raket banget, kaya-kaya aku wis dadi pendhudhuk kana. Yen ta arep ditandhingake karo kanca KKN liyane, sesambunganku karo nom-noman lan bocah cilik-cilik muridku pancen paling monjo. Ing saben bubar Ashar bocah cilik-cilik kuwi mesthi wis padha celuk-celuk aku saperlu njaluk diwulang apa dicritani dongeng-dogeng. Nom-nomane nglumpuk menawa bubar Isyak. Kahanan saben dinane pancen ora tau sepi, ana-ana wae sing gawe aku krasan ana kana.

Tak akoni pancen ora kleru apa sing tudhuhake Agung marang aku. Kanyatan iku wis tak graita bakal dumadi. Sithik, ana rasa ora senengku karo ketua kelompokku KKN awit wadule karo Agung bab Widodo, priya kang nduweni rasa tresna marang aku. Wiwitane pancen aku ora

184

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010