Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/196

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Empun nggih? Gandheng sedaya sampun sarujuk, pramila kothak warisan badhe enggal kita bikak. Sepindhah malih kula weling, sampun ngantos nggrundel wingking. Lan kula aturi tansah njagi tali silaturahmi. Sampun ngantos medhot tali kekadangan namung amargi rebatan warisan,” wejangane Pak Lurah sadurunge mbukak kothak warisan.

“Inggih, Pak,” wangsulane wong telu meh bareng.

Kothak sing digawe saka kayu nangka iku enggal dibukak. Kabeh katon selak ora sranta pengin ngerti sepira akehe simpenan bandhane Mbah Jaya ing kothak iku. Kusmiran ngira yen sebageyan isine kothak mesthi wujud emas picis, inten, utawa barleyan. Beda karo adhine, Munjiyah lan Kusmirah yakin yen kothak iku mesthi kebak dhuwit. Nanging kanyatane kabeh pangangen-angen iku luput. Kothak sing gedhi iku jebul mung isi dluwang selembar.

Sanajan rada kuciwa, anak cacah telu iku tetep pengin ngerti iku layang apa. Kusmirah malah ngira yen iku mesthi lembar dheposito utawa cek. Upama bener iku lembar dheposito mesthi enggal bisa dijupuk minangka warisan awit sing nabung wis tilar donya. Gandheng selak notol rasa pengin ngertine, Pak Lurah enggal maca layang tinggalane swargi Mbah Jaya.

“Takwacane layang iki, mula padha rungokna kabeh:

“Anak putuku kabeh, apuranen aku wong tuwamu dene nyatane aku ora bisa ninggali apa-apa marang kowe kabeh. Malah padha takwenehi ngerti yen dina iki aku isih duwe tanggungan utang karo Kang Wongso Mijen, kanca kenthelku sing omahe ana Desa Kedhung Bener. Utangku ora pati akeh, mung telung yuta wae. Mula yen padha longgar, aku njaluk utangku kuwi enggal padha lunasana. Aja kongsi utangku kuwi dadi sesanggemanku ana alam akherat besuk.”

Ngerti isine layang iku, kabeh padha mlenggong. Kusmirah malah klakon ngowoh. Ora nyana yen warisane bapakne sing dianti-anti iku jebul mung warisan utang.

Wusana wong telu ora padha swala maneh kudu nanggung wragad kematian ditambah tanggungan utang. Iya kaya ngono iku kuwajibane anak kang kudu bisa “mikul dhuwurmendhem jero” wong tuwane.

Djaka Lodang, No. 38, Th. XXXII, 15 Feb. 2003

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

183