Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/195

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Kula milih ngangge ukum agami mawon Pak. Kula yakin ukum agami punika rak ingkang paling sempurna kangge ngatur gesaning manungsa ing alam donya,” ature Si Ragil.

“Yen kula kalih adhi kula niki, milih adhedhasar ukum negari kemawon. Awit kita sedaya punika gesang wonten negari Pancasila sanes negari agami,” wangsulane Kusmirah.

Ing kantor kelurahan iku wong telu isih eyel-eyelan. Alesan kanggo pamilihing dhasar mbage warisan tetep ora bisa digathukake. Pak Lurah gedheg-gedheg ngadhepi kahanan kang kaya mangkono. Lan kapeksana panenengane Pak Lurah kudu ngendhegake kang padha regejegan iku kanthi cara kang rada kasar.

“Empun ..! Empun ..., pun! Mboten susah diterusake anggen panjenengan sami regejegan!” pangandikane Pak Lurah karo nggebrak meja.

“Saniki kula aturi tetimbangan malih. Saenipun mboten sisah perlu nyekeli kenceng-kenceng ukum waris agami punapa dene ukum adhat. Gandheng niki musyawarah, saenipun dipunpendhet tengah-tengah,” pangandikane Pak Lurah maneh.

“Dalan tengah pripun, Pak?” ature Munjinah nyelani.

“Gandheng manut katrangan panenengan wau Si Kusmiran ingkang kepanggenan Mbah Jaya. Ateges langkung kathah pangurbanan kangge ngrawat Mbah Jaya, mbok manawi prayogi yen Kusmiran nampi langkung kathah tinimbang mbakyunipun. Ewa semanten bentenipun sampun kathah sanget. Pramila kula putusaken, kadospundi menawi Kusmiran nampi rong praliman, dene ingkang telung praliman, dipunpara kalih kangge panjenengan kekalih?”

Krungu sesorahe Pak Lurah kang menehi tetimbangan kang tinemu nalar iku, kabeh padha manthuk-manthuk. Sawise padha nglelimbang, kabeh sarujuk karo panemune Pak Lurah. Kusmirah lan Munjiyah trima rada ngalah dene Kusmiran uga marem bisa entuk bageyan kang luwih akeh tinimbang sedulure loro kuwi.

“Saniki gandheng sampun sami sarujuk, badhe kula damelaken prajanjen wonten kertas bermeterai supados wonten kekiyatan ukum ingkang gumathok,” pangandikne Pak Lurah maneh.

Pak Lurah banjur ninggalake kantor njupuk kertas segel kanggo nulis prajanjen iku. Ora antara suwe, panggawene layang prajanjen wis rampung. Wong telu didhawuhi tandha tangan lan nganggo seksi loro, Pak Carik lan Pak Bayan kang wektu esuk iku kebeneran uga wis padha teka ing kantor kelurahan.

182

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010