Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/194

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Aku ora goroh, Yu. Pancen semono wragade. Panjenengan mesthine luwih pana, wong barang-barang regane saya larang. Dhuwit patang yuta setengah kuwi yen diblanjakake oleh apa ta, Yu!”

“Terus Bapak ki apa wus ora duwe warisan babar pisan?” pitakone Si Mbarep.

“Ngene Yu, panjenengan rak iya padha ngerti yen bandhane Bapak ki wis entek kanggo nuruti kesenengane dhewe anggone seneng ngoyakoyak kucing nganti kebedor ana gunung.”

Krungu wangsulane Kusmiran iku wong loro padha mesem. Mbakyune loro iku mula yakin yen Bapake wis ora duwe apa-apa amarga nalika sugenge Mbah Jaya pancen karemane keplek. Yen wis ngerti kertu lan kumpul balane mula lali mangan lali turu, ninggalake omah lan anak putu. Mulih-mulih awake wis remuk lan tumeka sedane.

“Dadi babar blas wis ora duwe tinggalan?” pitakone Munjiyah.

“Yen warisan wujud dhuwit utawa bandha pancen wis ora ana. Sandhangan-sandhangan sing keri wis lungset kabeh wis ora ana regane. Ning, nalika arep sedane, Bapak nate weling jare isih ninggal simpenan ana njero kothak sing saiki taksimpen ana lemari. Iya mbok menawa kari kuwi warisane.”

“Wis, saiki becike warisan sing ana njero kothak iku diedum luwih dhisik sadurunge ngetung prabeya pemakaman saben anak,” usule Si Mbarep.

“Aku manut wae, Yu. Mung aku njaluk adume warisan kudu adil. Lan gandheng aku iki anak lanang ijen, mula aku kudu entuk bageyan separo luwih dhisik. Turahane terus didum Mbakyu sakloron.”

“Kus! Kowe aja urik kaya ngono kuwi. Sing jenenge warisan ki ya kudu didum padha. Ora mawas anak lanang apa anak wadon,” wangsulane Si Mbarep maneh.

“Ora bisa Yu! Pokoke aku kudu nampa luwih akeh tinimbang panjenengan sakloron. Aku ora sarujuk yen warisan iki arep didum padha!” kandhane Kusmiran karo ngotot.

Wengi iku wong telu udreg regejegan, ora bisa mutusake piye cara sing adil kanggo adum warisane Mbah Jaya. Kabeh duwe panemu dhewedhewe supaya bisa entuk warisan luwih akeh tinimbang sedulur liyane. Lan gandheng ora ana putusan sing gumathok, wong telu sarujuk prakara iki digawa menyang kelurahan wae kareben ana sing nengahi.

Esuke kelakon wong telu keturunane Mbah Jaya Munjiran iku padha teka ana kantor kelurahan. Sawise dimanggakake Pak Lurah Sujono, Kusmiran terus crita asal-usuling prakara kang ora bisa diudhari. Sawise mendel, Pak Sujono terus menehi wawasan mungguh becike.

“Saderengipun dipundum, panjenengan sadaya kula aturi milih, panduming warisan niki ajeng ngangge landhesan ukum nagari napa ukum agami?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

181