Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/192

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

bocah golek bajing mau. Bocah mau sarujuk, banjur manuk koci mau ditampani dening Surip. Bareng bocah golek bajing mau wus lunga, Surip ngulungake manuk koci mau marang Dikun. Sing diulungi plenggongan, awit wus makaping-kaping Dikun diwelehke alus-alusan dening Surip.

Nalika Dikun gojag-gajeg olehe nampani, Surip kandha, “Pun Kang..., diasta kondur mawon, kangge unen-unen teng ndalem ..., mengko nek nglangut ndhak terus ngrasani tanggane.”

Dikun rasane pilih ngrungokake bledheg satus muni bareng katimbang krungu tetembungane Surip. Lan sing cetha, Surip wus nggeblasake montore. Mung kari Dikun kang dheleg-dheleg ngadeg, njegegleg, ati putheg angel ditumpleg ....

Banjur kaya dene ana dumelinging unen-unen kang ngumandhang ing talingane Dikun, “Aja sengit-sengit, mundhak ndulit”.


Djaka Lodang, No. 36, Th. XXXII, 1 Feb. 2003

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

179