Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/189

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SENGIT NDULIT Soegiyono M.S.

“Pakne, ya sithik edhang wong kuwi aja njur sok kemresik. Kepriye wae, wong jenenge tangga lagi duwe perlu ..., mbok ya Njenengan ki, ora ketang mung sepisan ya endhong jagong,” ngono pakone Tumi marang Dikun bojone.

Sing kakung ora wangsulan, mung tetep lungguh jegang ana lincak pring emperan omah. Pancen wiwit biyen Dikun klebu wong kang angel sratenane. Kapan ora gathuk karo panganane, dheweke trima puguh ora luluh.

“Aku kuwi nganti isin lho, Pakne, karo tangga teparo. Saben-saben tansah nakokake, kok bojomu ora tau ketok, nganti kewuhan olehku arep wangsulan ....”

“Mbok wis rasah crigis ...!”panggetake sing kakung. “Aku rak wis kandha ta, nggone Surip kuwi, saben nganakake jagongan, mesthi ngundang wong main kertu .... Aku pancen ora seneng karo pagaweyan kaya ngono kuwi .... Lha panggautan kaya ngono wae kok dha dipengpengake ...,” kandhane kakunge bacute.

“Lha ya tekade, njenengan neng kana rak ora kudu melu main, wong jeneng wong endhong njagong, yaaa ... tekade ngobrol-ngobrol prekara tetanen karo liya-liyane rak ya bisa!”

“Wah, neeekk wong kene ki, ora tuwa ora enom, angger jeneng njagong bayen, durung-durung wis tatrap gawe kalangan, ya sing remi, dhomino, neg aku!”

“Lha ya karang nggo cegah ngantuke.”

“Cegah ngantuk liyane wae ya akeh kok. Wis jajal, nek durung-durung wis dha nyekel kertu kabeh ki njur priye ..., kamangka metu wedang wae durung, hara! Malah nalika sulihe sing duwe omah masrahke wedang karo nyamikan, wong-wong wis ra dha nggape, mentingke sing nyekel kertu. Njur kapan olehe arep ndongakake jabang bayi ...?”

“Ya mangga. Ning aku wis elik-elik lho, Pakne. Mengko dikira bojo ra tau cawe-cawe bab srawung!”{rh|176||Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010}}