Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/188

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Umume sing manggon ing Pavilium VII iku para pasien kang wus lanjut usia. Gerahe stroke. Ana kang suwe dirawat, ana kang ora suwe banjur meninggal. Saupama sing wis suwe dirawat iku banjur waras lumrahe banjur nandhang cacat, mbuh lumpuh separo, mbuh banjur wuta.

Nganti rong puluh dina-rong puluh bengi kahanane Pak Zainal, bapake Pak Bassory isih panggah “koma”, ora ana perkembangan. Saben wengi Pak Bassory mung bisa ndedonga ....

“Dhuh Gusti Allah, menawi Bapak kula taksih pinaringan panjang yuswa mugi dipun paringi waras. Dene menawi pancen sampun titi wancinipun wangsul, mugi sampun ngantos kedangon anggenipun nandhang rekaos ....

Djaka Lodang, No. 34, Th.XXXII, 18 Januari 2003