Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/187

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sing ngembel adhine Pak Bassory sing ana ing Surabaya. Asmane, Ti’ah. Iya Ti’ah iku sing diembani Pak Zainal, bapake. Pawadane, Ti’ah putra wuragil.

Swara saka njelro telpon, “Mas, Bapak gerah. Ndadak, Mas! Mangka esuk mau ya tindak-tindak karo bocah-bocah menyang Mesjid Agung kaya biasane. Njur sore mau bubar siram ya isih mirsani teve. Maramara bubar Maghrib kok terus sare. Mangka durung dhahar. Bareng bubar Isak takgugah, kok mung meneng wae. Ngorok, mripate rada ngriyip nyawang ngiwa terus. Piye iki, Mas?”

“Cepet gawanen neng rumah sakit wae!”

“Upama nyang dhokter sing cedhak kono wae piye?”

“Aja! Berobat nyang dhokteran ki rak yen isih sadhar tur larane ora sepiroa. Ning kuwi gerahe Bapak sajake wis parah.”

“Ya wis, ngono wae ya Mas.”

“Ya, ya ..., saiki uga aku takbudhal nyang Surabaya.”

“Iya, Mas. Cepet-cepet wae! Aku bingung tenan iki.”

Wusana Pak Zainal ngamar ana RSAL. Pak Bassory tugur rina-wengi ana rumah sakit kono. Jaga gentenan karo sanak sedulure, ngatur jadwal piket supaya yen kesel ana sing nggenteni.

Miris banget penggalihe Pak Bassory bareng tugur ing tengahing wengi ana ing RSAL kono. Apa maneh kabener malem Jumuh Kliwon Sepi nyenyet. Kang keprungu mung swara-swara ambegan ngorok saka pasienpasien sing pinuju “koma”, kalebu kanjeng ramane. “Grag grog ..., grag grog ....”

Njur keprungu uga anak manuk dares miber sandhuwure wuwung karo muni, “reeees!” kaya swarane wong nyuwek mori.

Esuke, pasien sisih kiwane Pak Zainal, seda. Luwih miris maneh bareng nyawang Ti’ah “nyepet” bubur alus kanggo dhahare ramane. Bubur alus mau di-”spet” liwat selang kang dipasang mlebu menyang padharane ramane liwat bolongan irung. Selang-selang pating klewer, kalebu selange oksigen kanggo nglonggarake napas.

Luwih ngeres maneh bareng Pak Zainal “cegug”-en .... “Kik ..., kik ..., kik ....” ngono swarane. Pak Bassory kemutan wayang buta Cakil nalika sekarat arep mati amarga disuduk keris dening Raden Janaka.

Manuk dares muni maneh ingwengi candhake ....

Esuke, pasien sisih tengene Pak Zainal, let rong dhipan, seda. Manut kandhane wong-wong sing padha jaga pasien ing kono, Ruang Pavilium VII kang mapane ana sisih kidul dhewe iku kaya-kaya pancen panggonane wong kang antri mati. Mung watara 15% pasien sing waras njur bali.

Ngono ritek isih imbuh obat jalan lan kudu asring kontrol.

174

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010