Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/186

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wong atuwane. Mangka garwa kang ditresnani banget, kang asmane Bu Siti Wulandari nalika iku pinuju gerah.

Rina-wengi Pak Bassory nyenyuwun marang Gusti Kang Murbeng Gesang. Muga-muga garwane ginanjar pangapuntening dosa, panjang yuswa, seger waras kuwat, slamet, aweta anggone momong anak-putu, ayem tentrem, urip mulya ndonya ngakherat, tinebihna saka siksa geni neraka.

Panyuwune Pak Bassory kinabulan. Bu Siti Wulandari ginanjar waluya jati. Nanging ora kabeh panyuwune Pak Bassory kinabulan. Nyatane keng Ibu, ya Eyang Putrine para putra ..., seda.

Ora let suwe, nyumpena maneh. Saka pangrasane jroning pasumpenan, pirsa ana pitik disembeleh ....

Kitab Betaljemur ngandhakake, manawa ngimpi weruh anak pitik disembeleh, bakal kepaten wong tuwane apa sedulure.

“Gusti Allaaaah ...,” pandongane Pak Bassory wiwit mertobat. “Tiyang sepuh kula kantun setunggal, dhuh Gusti. Mangka kula dereng saged mbales tuwin nyembulih penapa-punapa. Mugi Bapak kula ginanjara panjang yuswa, kenginga kangge pangauban manawi kula pinuju ketaman sisah. Kenging disuwuni pandonganipun manawi kula nembe nandhang rubeda.”

Jebul sing ndhisiki sowan maring ngarsaning Pangeran, kakang mase. Mangka nalika kang mase mau isih nandhang gerah, Pak Bassory atur pambyantu arupa apa wae, utamane arta kanggo pitukone obat. Malah sadurunge kapundhut, Pak Bassory matur marang kang mase mau ..., “Mas..., muga-muga enggal waras ya ..., kenoa kanggo kanca nganti mbesuk yen wis padha tuwa.”

Nanging Gusti Allah Kang Maha Kuwasa ngersakake beda. Saiki kang mase wis ora ana.

Lagi enak-enak ngalamun ngumbar pangangen-angen, Bu Siti Wulandari ngregoni.

“Menggalih apa ta, Pak?”

“Aku mau bengi ngimpi ala maneh, Bu.”

“Alaaa, wong ngimpi ki kembange wong turu, ora sah dipaelu!”

“Impenku kebeneran jam telu bengi. Rumngsaku ki kok aku weruh langit pecah, tur anggonku ndeleng ing sandhuwure kreteg.”

“Maknane? Apa wis dipriksani maknane ana ing Betaljemur?”

“Sakjane ki musrik yen percya marang unine primbon. Nanging kok ya akeh empere ya?”

Pak Bassory miyos, njur mundhut Betaljemeur. Maknane pangimpen, “Yen ngimpi weruh langit pecah, bakal kepaten wong tuwane”.

Ora let suwe ....

“Kling ..., kling ..., kling ..., kling kling kling ....” swarane telpon muni.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

173