Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/185

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Yen pinuju munggah pangkat utawa perlu nglenggahi jabatan kang “teles”, tindak kolusi isih ditempuh. Mengko yen wis nyepeng panguwasa, kanggo nampa pegawe anyar, tindak “nepotisme” uga isih ditindakake. Kanthi “menempuh jalan menghalalkan segala cara” prekra haran isih diterjang.

Biyen ..., nalika isih Narayana uga nate lan asring mriksani drama, film, sinetron lan sapunggalane kang nayang-ake adegan wong kang lagi sekarat, ngadhepi mati. Adhegan menghembuskan napas yang penghabisan. Jroning lelakon,sapa kang tumindak candhala uripe bakal nistha. Uripe marga nandhang sangsara, jalaran ngundhuh wohing pakarti kang ala. Ewa semono isih durung bisa “nyadhar”;ke penggalihe lan pamikire Pak Bassory marang prakara “pati”.

Yen pirsa dhuwit, pirsa ana promosi jabatan lan pirsa ana wanodya sulistyaning warni ..., mripate iju.

“Lanang tenan kok,” ngono pangandikane ing batin.

Nate uga mbiyen mirsani wayang kulit, perang begal. Bbuta Cakil disuduk keris dening Janaka. Dhalange rada clometan. Sadurunge buta Cakil mati disolahake kejel-kejel, ambegane grag-grok tandha nyawane wis ana tenggorokan. Malah ditambahi nganggo ceguken barang. Mak kik ... kik ..., ngono.

Karepe dhalang mono ngelingake marang para pamirsa kabeh manawa manungsa iku ye wis arep ngajal solahe kaya ngono kuwi. Nanging nalika semana Pak Bassory mung ngira manawa iku mung “banyolan”.

Nalika mara sepuhe kakung seda, Pak Bassory uga tugur nganti menang “les”-e. Semono uga mara sepuhe putri. Pak Bassory uga ngrukti wiwit gerahe nganti tumekane janji. Nanging penggalih lan pamikire Pak Bassory durung bisa nyadhari manawa “E, ngono ta manungsa ki nek arep mati”.

Lembah hitam isih diambah. “Dur angkara murka” isih diuja. “Aji mumpung” isih mbidhung.

“Kapan mertobat.”

Isih kalebu begja yen penggalih lan pamikire eling marang paugeraning agama lan ngerti prekara “dosa”. Mung jeneng “Kalaridhu Godharencana” kang tansah ngganggu durung bida diinggati.

Nanging sajake sajake Gusti Allah isih welas marang penenengane. Sawernaning “pancabaya” akibat saka tumindake Pak Bassory dhewe bisa dibengkas. Kaya-kaya Gusti Allah paring kemurahan parang penjenengane. Pak Bassory pinaringan eling lan pitedah sarana lelakon-lelakon kang nyata.

Setaun kepungkur Pak Bassory nyumpena daleme dibukak gedhege. Mangka yen nyumpena ngono iku ing Kitab Betaljemur Adhamakana,

nyebutake menawa bakal nglakoni pepisahan klawan garwane utawa karo

172

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010