Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/177

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tinggalane wong tuwa wis katut didol bojone kanggo ngabotohan. Wis ora ana maneh barang pengaji ing omah iku.

“Mak ...,” Sisri mandheg anggone nulis, nyawang marang emake, “celenganku wis akeh, Mak.”

Emake kandheg, noleh marang anake wadon.

“Terus?” emake ndomblong, durung ngerti apa sing bakal dikarepake anake mau.

“Anu ya, Mak. Aja ngomong-ngomong Bapak. Celenganaku mengko nek wis akeh arep taknggo tuku radhio. Nggo ngijoli sing didol Bapak dhisik kae ....”

Surti njegreg. Nyawang anake wadon kanthi tandhes. Atine nratab, trenyuh, dene bocah sing isih cilik lan durung wancine mikir ruwet rentenging urip tetela nduweni krenteg kaya ngono? Nganti suwe Surti ora bisa kumecap. Dhadhane seseg, gulune ngondhok-ondhok. Banyu bening krasa nggantung ing pucuk mripate, meh wae ambrol.

“Tenan ya, Mak. Aja kandha-kandha Bapak, mengko mundhak didol meneh. Le nyetel mengko nek pas Bapak ora ana, ya?” ujare Sisri kanthi lugu.

“Iya, Ndhuk ....” mung kuwi tembung kang ucul saka lambene Surti. Saliyane iku, kandheg neng jero dhadha.

Sawetara iku tanpa dinyana-nyana, wektu iku Kabluk lagi arep mlebu ngomah. Kebeh tembung-tembunge anake wadon mau keprungu cetha ing kupinge. Nanging anehe, Kabluk ora muring apa muntab. Embuh keajaiban saka ngendi, tembung-tembung mau malah kaya rumesep ing atine sing semu watu. Anyep. Dhadhane kaya kedhodhos watu gedhe. Gulune ngondhok-ondhok.

Kabluk, si jago main kertu iku sikile gemeter. Dheweke rumangsa dadi wong reged kang diblejeti, malah dening anake wadon sing isih cilik. Dheweke ora wani jumangkah mlebu ngomah, banjur klepat lunga, nrabas wengi. Mbulan ora ketara, nanging lintang-lintang abyor. Hawa atis tumiyup, nanging ora direwes. Kabluk mlaku terus ngener mengalor, ngliwati dalan-dalan setapak.

Tekan papan sing dituju, Kabluk ndheprok. Nangis sesenggukan, ngesok kabeh dosa-dosane ing ngarepe watu kijing. Ing kono wong tuwa-ne sumare.

Kawit kedadeyan mau, Kabluk mari anggone main. Bali maneh nyambut gawe kanthi prasaja, mancal becak. Asile mbaka sethithik dicelengi.

Ora gantalan suwe, dhuwit sing nglumpuk mbaka sethithik mau ditukokake barang-barang sing dhisik tau didol. Semono uga, durung nganti anake wadon, Sisri, tuku radhio, Kabluk wis ndhisiki tuku radhio, ora ketang mung cilik-cilikan.

164

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010