Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/172

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
REMBULAN KANG NDHADHARI Gandhung Sunarno

Pasuryane Bu Sastro besengut, kaya langit kang mendhung peteng leliwengan. Wiwit minggu kepungkur saploke anake lanang kang aran Prasojo mulih merantau saka Malaysia nyambut gawe nang pabrik kayu lapis, polatane ora tau padhang. Dheweke rumangsa isin karo tangga teparone amarga Prasojo ora nggawa oleh-oleh kang mbejaji kaya Bejo, kanca sadesa kang uga mulih merantau bareng Prasojo saka Malaysia. Sing digawa Prasojo mung bangsane alat tukang kayu lan graji gedhe kanggo nyigar kayu glondhongan. Beda karo Bejo, dheweke bisa tuku TV, tape, VCD lan barang-barang liyane kang edi peni. Malah esuk mau Bejo menyang kutha nukokake mas-masan kanggo ibune lan sepedha montor kanggo bapake. Nyumurupi kahanan kaya ngono kuwi, polatane Bu Sastro sangsaya besengut. Dheweke ngumeg-umeg Prasojo prasasat entek amek kurang golek.

“O ..., alah Le ..., abrag kaya ngene ora mbejaji babar pisan wae dituku, gek arep dinggo apa. Pating blengkrah ngebaki omah. Bedane apa kowe karo Bejo, mangkat nyambut gawe bareng, panggonane nyambut gawe uga padha neng Malaysia, mulihe uga bareng. Nanging Bejo kok bisa tuku barang-barang kang mbejaji, bareng kowe tuku abrag apa kuwi. Galo, saiki omahe Pak Kerto, bapake Bejo saiki reja terus, akeh tangga teparo kang nonton TV lan VCD-ne kang nyetel lagu-lagu Campur Sari. Sibok iki nganti isin karo tangga teparo yen ditakoni, kowe wis tuku pa saka Malaysia.”

“Wis ben ta Mbok, uwong kuwi rak beda gegayuhane,” wangsulane Prasojo kanthi alus.

Pak Sastro mung gedheg-gedheg nyumurubi bojone lan anake kang beda panemu. Kanggo nyapih hawa, Pak Sastro setengah meksa nggeret tagane bojone mlebu senthong ngajak turu. Amarga wektu kuwi wis wengi udakara jam 11.

Adheme hawa wengi sangsaya njekut. Rokok kretek karemane Prasojo bola-bali disedhot kanthi alon-alon. Kebule ditokake saka irung

lan tutuke. Sadhela-sadhela Prasojo ngunjal ambegan. Sejatine atine uga

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

159