Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/171

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kowe lempit-lempit sandhangan,” semaure Pak Widagdo karo angop ngampet ngantuke. Wong gagah pideksa kuwi sajake durung ngerti kang dirasakake mantune. Pancen kaya biasane Tutik nganti wengi yen ngurus sandhangane wong saomah kono. Nanging sawise nyawang praupae Tutik kang kumembeng, rada mangu-mangu Widagdo banjur takon semu cubriya.

“Ora, iki sing dilempiti duwekmu kabeh, arep dikapakake?”

“Mboten kok, Pak.”

“Mboten piye?” Pak Widagdo jlalatan ngulatke tase Tutik isih menga ritsluitinge. Banjur, “Ana apa ta Nok? Kowe mentas nangis ya?” pitakone nlesih.

Sing ditakone ora semaur, gulune medhongkol. Dheweke bingung, sewu pitakonan dadi siji wusana kewuhan, kepriye anggone kudu matur. Upama ora blaka apa bisa dheweke banjur lunga klepat ninggalake mara tuwane sing tresna banget marang dheweke. Kamangka tekane mrono Tutik dirembugi kanthi apik-apik. Banjur saiki dheweke kudu kepiye? Atine mangu-mangu. Tutik nyawang Pak Widagdo iku kanthi suwung.

Nanging tundhone kanthi diati-ati dheweke matur yen kudu bali. Pak Widagdo kaget. Jalaran sepuh, lara jantunge dadakan kumat. Dhadha megap-megap. Lan bruugg! Ambruk kumepruk dadi bayangan. Bu Salamah krungu swara gumebruk banjur mlebu kamar kono kewowogen arep tetulung, dheweke njungkir jempalik bingung ora ana tangga kang ngerti kejaba Tutik kang saiki malah rada etel. Wong-wong kono ngertine ya mung esuke Tutik ngalor dipethuk wong tuwane mulih menyang desane.

Djaka Lodang, No. 37, Th. XXXI, 9 Febriari 2002

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

158