Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nganti sawijining wektu aku wis mnggon ana Pati karo bojoku, ya mantan pacarku mau, malah wis duwe anak loro. Aku dadi guru ana salah sawijinig SLTA, dene bojoku ana SD. Lan ana mitraku pedhagang mbako asli Kudus sing sabane ana Kreteg, Wanasaba, kakange dadi dhokter mbako ing sawijining pabrik rokok kretek sing kondhang. Jenenge Ahmad Fadloli. Bocahe bagus kathik grapyak, loma, ning ana sing sing ora apik, yaiku ndugal kuwarisan. Ahmad kuwi weton pondhok, dadi ya pinter ngaji. Sawijining wektu dheweke dolan neng omahku, wiwitane ya omong-omong karo bojoku barang, ning bareng bojoku mlebu nyiapake unjukan, aku wong loro njur omong klesak-klesik bab Madukara mau. “Bener,” kandhane Fadloli, “ku wis tau krungu crita iku.” Dheweke nduwe perusahaan ngrajang mbako ing kana, karyawane akeh, lan ana sing raket karo dheweke lan banjur crita akeh-akeh bab ronggeng. Dadi aku dhewekalah pinter tinimbang Fadloli. Ya iku untunge dadi kuli tinta, mbuwang sithik ning entuk akeh, senajan wujude crita. “Ah, kapan-kapan arep takcoba,” kandhane Fadloli. Aku nyela, “Ah ..., ndugal kowe, aja ngono, iku rak kalebu larangane agama, rongokna puji-pujian iki.” Aku banjur nembang, “Yo kanca nunggal iman lan agama, kudu padha eling ing elingna, kudu ibadah saben dina, dimen bisa ngurangi dosa. Ria lan jina aja dilakoni, elinga pira suwene ing donya, sing suwe ing alam baka.” Fadloli ngguyu karo muni, “Kaya kowe dhewe sing ngerti agama Rek, dupeh guru, tutur-tutur, iku rak ya kena dikawekani.” “Kepriye?” takonku. “Ya dinikah siri no, senajan sedina rong dina, sing penting wis oleh pengalaman, ora kaya kowe pengecut!” “Ya ben karepmu dhewe,” kandhaku, terus mandheg katungka bojoku ngetokke unjukan. “Wah gayeng ya nango tembang barang, pancene kiai karbitan,” mengkono yen bojoku nyenges aku sing seneng ngomongake pitutur becik. “Ya Mbah, muga wae ora diwelehke kasro Sing Gawe urip,” kandhane Fadloli. “Ah ..., ya aja no ..., aku nggak rela, nggak rela ...” kaya wong promosi wae omonge bojoku, kathik karo esem ngujiwat, nglirik aku, mata iki kuwat, ati iki, dongaku mbok Fadloli ndang bali, awan-awan ora dadi apa .... Suwe aku ora kepethuk Fadloli, jare bojone, “Lagi sibuk ngrajang mbako eneng Kreteg kok, Mas.” Bareng telung sasinan, sore dheweke teka sajak gupuh kae. “Wah aku ketanggor Mas,” kandhane. “Sareh-sareh, kepriye juntrunge?” kau nlesihake.

152

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010