Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
RONGGENG DHUSUN MADUKARA

BANJARNEGARA

Prayoga, B.A.

Pacarku sing akhire dadi sisihanku iku bocah Madukara, Banjarnegara, klebu tlatah Banyumas. Nalika sepisanan aku dolan menyang omahe, sing mepet pager pasar, saben bengi aku krungu tetabuhan, banjur ana swarane wong wadon nembang. Bareng esuk aku takon pacarku mau. “Saben bengi kok ana swara tetabuhan diiringe tembang bocah wadon, iku ana acara apa neng pasar kono?” Pacarku mangsuli karo gumuyu, “Iku sing nembang jenenge ronggeng.” Banjur dheweke ndongeng, menawa ronggeng kuwi kaya dene tayub ing dhaerahku Pati. Ing dhaerah Pati ana dhaerah tayub sing misuwur, yaiku Kropak. Yen agi njoged, nuwun sewu, ing panggonan rawan ing awake mesthi didokoki bathok, kanggo njaga manawa ana tangan-tangan jahil. Mengkono kandhane pacarku karo ngguyu. Wong gunung iku, nuwun sewu, poconge (bokonge) mesthi gedhe, wujude ora pati dhuwur, kathik yen mlaku badan sisih ndhuwur ndhoyong mengarep. Ewasemana aku kedanan karo pacarku mau, jan tenan kae. Nuli pacarku crita, manawa ronggeng iku nduwe panggaotan aneh, dheweke ngajari jaka-jaka sing arep nambut silaning akrami, kanthi bocah lanang mau kos ana omahe ronggeng mau. Ya manawa wae memper karo experiment married ing negara kulonan. Aku sajak ora percaya. Mosok ngono ..., ning pacarku banjur kandha serius kae. “Yen ora percaya nyoboa, kowe rak arep omah-omah ta, supaya pinter kuwe sinau dhisik karo ronggeng. Mengko takpilihake ....” Ning, aku mangsuli, “Ah, mosok kowe mengko mangan woh sisa codhot, ah ora!” Mula nganti tekan mangsane nambut silaning akrami aku ora sinau karo ronggeng. Ning dongeng mau tetep taksimpen dadi pitakonan ing

njero atiku.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

151