Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/161

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nanging Pak Benawa ora ngeglewa anane pasrawungan kaya ngono kuwi, tujune Bu Ruminah bisa ngajangi kanthi ati jembar lan sabar.

Nadyan wancine rendheng, awan kuwi katon langite sumilak resik. Mbuh, wis wong pira wae warga desa sing padha silaturahmi neng omahe saya nambahi rujite atine nalika wong-wong padha takon anake sing ora katon irunge.

Taun wingi Nita lan bojone wis ora teka. Mung Narto lan anak bojone wae sing gawe legane atine wong tuwa kuwi. Nanging nganti bakda Dluhur riyaya kuwi Narto durung aton iruge. Ah ..., lelakon. Ora ngira babar pisan yen omah sing maune regeng iki saiki krasa sepa. Mung merga mbelani anak wedok wekasane kabeh dadi crah. Pancene sing keladuk kuwi Pak Benawa anggone ora wicaksana minangka jejere wong tuwa.

Rong taun wis mungkur. Kahanan omah dadi ajur. Sakawit jroning omah kuwi ana Narto saanak bojone. Ana Bulik Sholeh sing mondhok sakulawargane kanthi ayem tentrem. Bulik Sholeh lan Paklik Sholeh sing sabar wis kaya dudu wong liya maneh.

Niyat sing apik jebul ditampik dening Pak Benawa nalika Nita arep omah-omah. Pak Benawa mbelani mantune beteke wong sugih, nanging ora gelem ngrungokake tangga-teparo sing wiwit duwe swara sumbang.

“Pak Benawa, kala wau dalu mboten mireng ontran-ontran,” palapurane sawijine nom-noman warga desa.

“Ontran-ontran pa?”

“Mantu njenengan, Mas Kumba.”

“Mantuku, kena apa?”

“Kerengan dikroyok, sekawan.”

“Dikroyok papat. Perkarane apa?”

“Limrah lare enem, sok kebrongot atinipun.”

“Sing menang sapa?”

“Mas Kumba.”

“Ben. Wong-wong ben padha ngerti sapa mantuku, kowe ora sah melu cawe-cawe. Ora wurung katonyo bathukmu menyonyo!” wangsulane Pak Benawa nalika rong taun kepungkur ana wadulan saka warga desa.

Sajake Pak Benawa reka-reka mbisu manawa apa perkara sing ana sambung rapete karo si Kumba. Klebu Pak Sholeh sing wis suwe lara ati, ditanting supaya ninggalake omahe. Satemene Bu Ruminah nggondheli, nanging Pak Benawa kepara ora ngenaki ati.

“Mbok ya wis ben ta, Bu, wong nyatane kontrakane ya wis entek. Mengko ben dinggo kamar Nita lan bojone.”

Narto sing weruh dhodhok selehe perkara melu urun rembug njurung kersane Bu Ruminah, nanging malah dadi salah panampa.

Nganti Pak Benawa duka, mencak-mencak, keladuk swarane nundhung kon lunga.

148

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010