Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
RIYAYA ATI KANG RENGKA Sri Sugiyanto

Anggone nyawang dalan nganti kumepyur kaya endhog amunamun, ewadene sing dienteni durung katon irunge. Mangka sesuk-esuk wis tekane bakda. Sesuk bengi wis ngumandang takbir. Nanging kahanan omah kuwi isih sepa. Bu Ruminah sing rekmane wis mabluk putih kuwi katon dheleg-dheleg ing ngemper lungguh kursi karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Krana atine gragapan saben ana montor ceri sing liwat ana ngarep omahe, ah dudu anak putune. Jebul anake Paiyem sing ana Jakarta lan Bandung padha mulih. Atine Bu Ruminah krasa gela, awake krasa angles. Apa maneh nalika pendhak dina ngadepake takbir anake, Paiyem lelorone padha mampir silaturahmi ora lali oleh-olehe saka paran wujud roti blek-blekan, kaya tambah kedher rasa jroning ati. “Mbak Nita punapa mboten kondur, Bu” pitakone Paini lan Partinah meh bebarengan. “Durung” wangsulane Bu Ruminah sakecekele. “Taun wingi kok ketingalipun kula mboten kepanggih. Namung Mas Narto kemawon?” tembunge Partinah. “Mung mrene sedhela, sajake ora kober methuki sliramu, jare mara tuwane lara,” wangsulane Bu Ruminah kapeksa goroh kanggo nambal wirang jroing ati. “Bapak tindak nggih, Bu?” “Lagi golek panganan dinggo jaburan mengko bengi.” “Pak Benawa rak nggih taksih sehat-sehat nggih, Bu?” “Ya, alhamdulillah isih diparingi umur dawa dening Gusti Kang Akarya Loka.”

Pak Benawa mono garwane Bu Ruminah. Nanging wong-wong kiwatengene arang sing nganggo jeneng Bu Benawa kanggo nyebut Bu Ruminah. Malah sajak jeneng Benawa kaya wis ilang saka pocapan. Bu Ruminah dhewe wis nglenggana marang sipate garwane sing sok keladuk ngadhepi sesrawungan. Senengane sok ngegung-gungake dumeh wong nduwe. Dumeh anake dadi sarjana kabeh, nganggep kiwa-tengene ra ana regane.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

147