Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mongan, kulawarga mudha iku bisa madeg mandhiring pribadhi. Emane wis meh telung sasi Satriyo pindhah omah kontrakan, ibune durung gelem nyambangi mrono. Ora bosen-bosen dheweke ndedonga, nyuwun sih pitulungan marang Gusti Allah supaya enggal maringi dalan bedhamen antarane ibune lan bojone.

Nganti wulan pasa teka, ana ing kalodhangn iku Satriyo ngupaya ngithik-ithik atine Zaitun, sethithik mbaka sethithik, supaya bisa lumer. Wulan Ramadhan iku wulan kang kebak berkah. Paribasan lawang swarga dibukak lan lawang nraka ditutup, setan iblis padha diranate tangan lan sikile.

Manungsa gawe kabecikan rumangsane penak lan nikmat, kosokbaline sapa sing gawe tindak culika ing wulan Ramadhan sanggane krasa abot banget.

“Piye Jeng, suk nek riyaya apa ya klakon awake dhewe ora sowan ibu?” panambonge Satriyo sore iku marang bojone kang lagi nyiapake masakan kanggo buka.

Ditakoni ngono iku atine Zaitun kaya diris-iris. Sapa sing ndhisiki ngulungake tangan, iku kang pahalane luwih akeh. Apa maneh bab iku ditindakake marang mara tuwane kang kudune direngkuh kadya wong tuwanye sejati, o …, lawang langit bakal dibukak kanggo dheweke.

Lara ati dhek semana krasa banget nabet, kudu dibuwang adoh. Bab iku kudu dianggep ujian, utawa pacoban kang kudu diadhepi kanthi ikhlas.

Riyaya sakwise sholat Ied, wong loro reruntungan budhal sowan daleme Den Ayu Sosro. Satriyo ora kuwat ngampet metune banyu bening saka mripate nalika klakon ngambung dhengkule ibune. Semono uga Zaitun. Pipine dleweran kebak luh nalika Den Ayu Sosro ngesun pipine kiwa tengen. Ora perlu nganggo pangucap. Isarat iku wis cukup kanggone Zaitun. Wong wadon ningrat iku wis ngatonake rasa kaduwunge.

Riyaya taun iki, nggawa angin seger, njanjeni pangarep-arep endah marang sakabehe.

Djaka Lodang, No. 29, Th. XXXI, 15 Desember 2001

146

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010