Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

papat kulawarga. Beda karo Satriyo kang alus, Sasongko si ragil, kadhang kala wani nduwa kekarepane ibune yen pancen ora cocog karo atine. “Piye bojomu, tetep ora gelem bali mrene?” pitakone Den Ayu Sosro ing meja dhahar. Satriyo mung gedheg alon. “Dhasar aleman!” Den Ayu Sosro nguman-uman. “Nek pancen ora njupuk, lha yaw is, ngono wae purik ora gelem mulih!” Meh wae Satriyo klelegen oseng-oseng kangkung. Atine semengkring bojone diunekake aleman. Nanging Satriyo panggah meneng tanpa nanduki omongane ibune. Lagi wae rampung anggone mangan, Satriyo entuk laporan saka bojone. Zaitun kandha gelem bali neng kutha yen Satriyo gelem manggon neng omah kontrakan. “Mas Yoyok ora perlu bingung bab dhuwit kontrakan, aku wektu iki nyekel dhuwit, takkira cukup nek mung kanggo ngontrak setaun omah prasaja sing cilik wae,” kandhane Zaitun teges, tandhes. Satriyo tiba mumet. Piye anggone arep matur ibune bab kekarepane bojone iku? Judheg tenan dheweke saiki. Ngadeg ing tengah-tengahing antarane wanita loro kang padha dene ditresnani. Wanita loro sing watake pindha bumi karo langit. Ibune kang keras, pengin menangan dhewe. Dene Zaitun iku wanita kang lemah-lembut, nanging uga bisa dadi keras nalika ‘harga dirine’ diideg. Zaitun mung njaluk sarat sepele lan bakal nglalekake salawase kaluputane ibune, nanging sarat iku dirasa abot banget dening ibune. Satriyo njaguri sirahe. Telung dina lawase dheweke ora bisa mutusi panjaluke Zaitun. Jumat esuk iku, isih repet-repet dheweke ziarah neng makame bapake. Sawise katog ndedonga, kanthi jangkah entheng dheweke mlaku tumuju dalan gedhe. Bis kang ngliwati dhusune Zaitun disetop, banjur munggah. Tekade wis manteb bakal ngajak Zaitun golek omah kontrakan neng cedhak kantore. “Lho, Mas …, yah mene kok wis mruput tekan kene? Ora tindak kantor pa?” pitakone Zaitun karo ngglandhang tanagane Satriyo diajak mlebu ngomah. “Ya mlebu, mengko telat-telat sedhela rak ya ra papa, ora telak pendhak dina wae kok,” jawabe Satriyo ngglayem. Neng njero ngomah Satriyo dibagekake mara tuwane sakloron. Ana sangarepe mara tuwane sakloron Satriya walaka ngenani maksude methuk Zaitun. Bapa biyunge Zaitun ora ana liya ya mung mangestoni apa kang dadi karepe anak lan mantune mau. Kadidene pegawe anyar neng kantor pemerintah, sanajan sarjana bayare Satriyo ora pati akeh. Zaitun kanthi setiti lan permati ngecakake dhuwit kang cupet mau supaya bisa nyukupi kebutuhan jroning sewulan.

Gandheng kabutuhane durung pati akeh jalaran durung direpoti mo-

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

145