Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
RIYAYA TAUN IKI
Inar


Pancen, rasane abot banget dikongkon njaluk pangapura, sanajan ati iki ngakoni luput. Ana rasa isin, gengsi lan rasa gumbedhe kang kudune kabuwang adoh. Minangka muslim, rasa-rasa kang ora bener ngono kuwi ora samesthine kasandhang. Ora perlu isin ngakoni luput jer manungsa mono lumrah nyandhang lali lan luput. “Nanging dheweke mung dhapur mantu,” batin atine Den Ayu Sosro. “Tur maneh, dheweke iku turun pidak pejarakan. Apa ya wangun yen aku kudu mundhuk-mundhuk njaluk pangapura? Apa bab iki ora bakal ngasorake drajadku?”

“Nanging Den Ayu wis tumindak ora adil marang Zaitun,” kaprungu swara liya ing telenging atine. “Senajan bocah saka ndesa, nanging Zaitun iku jujur, ora seneng lelemeran. Keneng apa Den Ayu ndakwa dheweke tanpa bukti? Liontin iku dudu Zaitun sing njupuk, malah ragilmu dhewe sing nggawa barang mau neng kantor gadhen. Nek ngono kuwi apa Den Ayu ora kewirangan?”

Den Ayu Sosro unjal napas dawa. Mesthi wae dheweke rumangsa kewirangan gedhe nalika Sasongko ngaku yen liontin iku dheweke kang njupuk saka singgahane ibune lan banjur digadhekake. Muntabe Den Ayu Sosro ora bisa dikendhaleni mbarengi rasa wirange wis ndakwa Zaitun kang milik barang mau.

“Sasongko, matura sing cetha marang Ibu, kena ngapa kowe bisa nduweni trekah nistha sing kaya mangkono iku!” srengene kereng.

“Jeneng aku matur apik-apik ora diparingi,” jawabe Sasongko tanpa nduweni rasa wedi. “Ibu ngerti yen aku butuh dhuwit kanggo mbayar ongkos rumah sakit. Ibu ngendika ora kagungan dhuwit nalika aku matur butuh dhuwit. Kamangka aku ngerti yen rekeninge Ibu neng bank nganti pirang-pirang yuta. Tur maneh aku nembung ngampil, ora nyuwun! Gandheng judheg, aku kapeksa nglimpe Ibu.” Den Ayu Sosro kerot. Dhadhane gemrudug nganpet rasa. Ature Sasongko sithik wae ora salah. Mung wae ragile kuwi sing miturut pamawase ora ngilo githoke. Ngerti mung pegawe rendhahan lha kok bojo

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

143